1. Gatekna pethikan cerita Ramayana iki!Nalika Ramawijaya wis sansaya adoh

Berikut ini adalah pertanyaan dari embhun6854 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

1. Gatekna pethikan cerita Ramayana iki!Nalika Ramawijaya wis sansaya adoh lan ora katon saka gubuge, dumadakan
krungu swara njaluk tulung. Ing pangrungune Dewi Sinta iku swarane Rama
"Yayi Lesmana, kae kaya swarane kangmas Ramawijaya. Enggal tulungana,
Dhimas!"
"Kakang Mbok, menika sanes swantenipun Kangmas Ramawijaya."
"Ora, Dhimas. Kae cetha swarane Kangmas Rama, enggal tulungana!"
"Sanes, Kang Mbok."
"Ya, menawa Dhimas Lesmana ora gelem nulungi Kangmas Rama, aku wae sing
mrana", kandhane Dewi Sinta karo arep mlayu tumuju asaling swara.
Lagi wae Dewi Sinta arep jumangkah, Lesmana ngalangi.
"Kang Mbok, kula boten nglilani Kang Mbok jengkar saking Gubug ngriki.
Aluwung kula ingkang kesah Weling kula, Kang Mbok, sadangunipun kula
madosi Kangmas Ramawijaya, panjenengan tetepa wonten ing lebet gubug
kemawon
Tulisen paragane lan watake!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

» Paraga :

  1. Ramawijaya.
  2. Lesmana.
  3. Dewi Sinta.

» Watake :

  1. Watake wicaksana, setya lan tresna marang garwa, tansah tumindak bebener, wani nindakake apa wae kanggo kabecikan.
  2. Watake jujur, bekti marang wong sing luwih tuwa, bisa njaga kapercayan, seneng tetulung, ora gampang percaya karo wong liya.
  3. Watake sabar, narima, nekat, setya marang garwa, prasaja.

Penjelasan

» Unsur intrinsik :

1. Tema : Bab kang dadi underaning (inti) ukara.

2. Alur / plot : Urutaning kedadeyan ing sajroning crita saka wiwitan tekan pungkasan.

3. Penokohan : Wong sing dadi lakon / paraga ing sajroning crita, uga gambaran watak para paraga mau.

✧ Watak kaperang dadi :

  1. watak antagonis (watak ala),
  2. watak protagonis (watak becik),
  3. watak tritagonis (penengah / pembantu tokoh protagonis / antagonis).

4. Latar / Setting : Ana gandhengane karo panggonan, wektu, lan kahanan / swasana ing sajroning crita.

5. Sudut pandang : Carana wong nganggit kan manggon ana ing crita mau.

6. Amanat : Piweling (pesen) / piwulang kng becik saka pengarang kanggo wong sing maca crita mau.

7. Gaya Bahasa : Cara-cara manungsa migunakake basa, amrih (supaya) gampang ditampa, endah lan kapenak dirasakake lan dirungungokake.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang - Unsur intrinsik

Kata Kunci : Watak lan paragane Ramawijaya, Sinta, Lesmana

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21