surti: " kanca-kanca kelas dhewe iki reged,ayo, padha siklasrengreng!"rinq: "kuwi

Berikut ini adalah pertanyaan dari pact3457 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Surti: " kanca-kanca kelas dhewe iki reged,ayo, padha siklasrengreng!"rinq: "kuwi ki apa? aku ora ngerti !"

leni: oh ... aku ngerti !
kuwi karepe, ayo.....

rina: "wah ... genea kowe pinter."

gawea ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Surti : “kanca-kanca, kelase dhewe ki reged. Ayo padha siklasrengreng

Rina : “kuwi ki apa? aku ora ngerti!”

Leni : “oh...aku ngerti! kuwi karepe, ayo reresik kelas bareng-bareng.

Rina : “wah... genea kowe pinter...”

Surti : “aja lali, pitik walik saba mejane uga dicepakne.”

Leni : “apa maneh kuwi?”

Surti : “kae lho... sing cemanthel tembok!”

Rina : “wah, aku ngerti saiki! karepe sulak ta?”

Surti : “ lhaa...wis ngerti ta, saiki ayo resik-resik kelas bebarengan.”

Kabeh: “ayo !....”

Penjelasan

  • Pacelathon ing dhuwur ngandhut cangkriman wancahan lan cangkriman pepindhan.

» Siklasrengreng = Reresik kelas bareng-bareng. (Cangkriman wancahan)

» Pitik walik saba meja = Sulak. (Cangkriman pepindhan)

_______________

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku:

✧ 1. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),

→ Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana.

✧ 2. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),

→ Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane.

✧ 3. cangkriman sing wujude plesetan/blenderanlan

→ Cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.

✧ 4. cangkriman sing sinawung ing tembang.

→ Cangkriman sing kudu dibedhek, nanging lewat wujud tembang.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 4 - Cangkriman

Kata Kunci : Cangkriman, pacelathon

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.4

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 26 Jul 21