buatlah teks pembawa acara bahasa jawa tema sekolah​

Berikut ini adalah pertanyaan dari munirprooo45 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Buatlah teks pembawa acara bahasa jawa tema sekolah​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Tema :

perpisahan sekolah (kelas bisa diganti) Assalamu’alaikum wr.wb.

Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru. Ingkang kula urmati para tamu undangan wali murid tuwin para kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas III.

Kaping kalihipun mugi-mugi, salawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Sumangga ing adicara pepisahan siswa kelas III punika kawiwitan kanthi maos Basmalah, Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah sahengga lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.

Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan

kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia.

Tinarbuka kanthi waosan basmallah sesarengan sampun kaleksanan.

Kalajengaken waosan ayat suci Al-Qur’an

Adicara salajengipun tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah

Tanggap wacana saking siswa kelas II

Lan kasambet tanggap wacana saking siswa kelas III

Panutup lan do’a mujudaken reroncening adicara ingkang pungkasan.

Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan, mekaten reroncening tata adicara pepisahan siswa kelas tiga ing siang/ ratri wekdal punika, murih rancag lampahing adicara ingkang salajengipun inggih punika waosan ayat suci Al-Qur’an dhumateng kadang .......ingkang sampun piniji murih kaleksananing sedya papan lan wekdal kasumanggakaken.

Penjelasan:

Semoga membantu mohon maaf jika salah

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Nisaussolihah16 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 24 Jul 22