Wacanen kanthi trep! MBANGUN DESA Desa Sukorejo mapane ana sikil

Berikut ini adalah pertanyaan dari aureliaaudreyhariant pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Wacanen kanthi trep! MBANGUN DESA Desa Sukorejo mapane ana sikil gunung. Nadyan mangkono, desa Sukorejo klebu desa kang maju lan rame. Saben dina lunga teka bakul samubarang. Bakul gaplek, bakul kacang, bakul klapa, bakul gedhang, bakul beras, bakul jagung, lan bakul-bakul liyane ora nate sepi mlebu desa Sukorejo. Geneya para bakul mau padha seneng teka menyang desa Sukorejo? Wangsulane, amarga desa iki pembangunane mlaku rancag. Cetha banget ing desa iki pasar desa dibangun swadaya. Asile kanggo kaperluwan desa uga. Dalan-dalan desa wis apik kabeh, mula kendharaan bisa liwat lancar. Para warga desa padha sengkud makarya,saengga saya nambahi majune desa. Tumrap warga desa Sukorejo, mbangun desa wis tanpa diprentah, nanging thukul saka kesadharane dhewe. Saben RT, RW lan dhusun padha jor-joran mbangun. Ana kang mbangun dalan, mbangun kali-kali kang kebak sangkrah diplester, mbangun saluran banyu menyang sawah, mbangun tanggul lan liya-liyane. Malah tumrap warga Sukorejo, mbangun omah wis dudu barang aneh. Mula omah ing desa iki meh kabeh apik-apik. Sadawaning dalan desa toko tharik-tharik, resik, lan isine pepak. Dadi saupama butuh blanja ora perlu adoh-adoh menyang kutha. Mula kang tuku padha seneng. Yen dina pasaran Pon lan Kliwon pasar Sukorejo kebak mancep ditekani bakul-bakul seka ngendi-endi. Kendharaan rodha papat kebak mencep, nganti dalan prasasat angel diliwati kendharaan liya. Geneya pasar desa iki bis areja? Sebab pasar iki mapane ana tengah. Para warga sakiwa tengene padha mudhun saperlu ngedol asil bumine. Sing saka lor, wetan lan kulon uga mangkono. Bakul-bakul saka kutha padha seneng, amarga barang-barang ing pasar Sukorejo regane murah.26. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
27. Bakul apa wae sing padha seneng teka menyang desa Sukorejo?
28. Desa Sukorejo klebu desa sing kepriye?
29. Geneya pasar desa Sukorejo iki bisa reja? 30. Geneya kendharaan ing desa Sukorejo bisa liwat lancar​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

26. Mbangun desa
27. bakul gaplek, bakul kacang, baku klapa , bakul gedhang , baku beras , bakul jagung lan bakul bakul liyanr
28. desa kang maju lan rame
29. sebab pasar iki mapane ana tengah
30. dibangun swadaya

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh miwyra dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 04 Jul 22