Nuju ari pasewakan Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi

Berikut ini adalah pertanyaan dari adindazahro pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Nuju ari pasewakan Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, Narpati Sugriwa, lan sawetara bala wanara. Kang rinembug murcane Dewi Sinta. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Laksmana darbe panemu, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi ature Raden Laskmana. Prabu Rama milih Kapi Anoman kang kinarya dutane. Prabu Rama nuli paring sesupe sotya ludira minangka tandha yen Anoman dutaning sang nata. Yen nyata Dewi Sinta ing Ngalengka, Anoman kadhawuhan matur yen Prabu Rama tansah raharja lan Prabu Rama bakal ngrebut Dewi Sinta saka Prabu Dasamuka.1. Pethikan crita wayang Ramayana ing dhuwur kajupuk saka crita lakon ....

A. Rama lan Sinta

B. Anoman Duta

C. Sinta kadhusta

D. Anoman Obong


2. Inti sarine paragraf siji yaiku ....

A. Prabu Ramawijaya nyarujuki supaya ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka.

B. Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing negara Ngalengka.

C. Jatayu atur palapuran manawa kang ndhusta Dewi Sinta yaiku Prabu Dasamuka

D. Prabu Ramawijaya kaadhep dening Raden Laksmana Widagda, Narpti Sugriwa, lan sawetara bala wanara.


3. Andharan ing ngisor iki kang jumbuh karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....

A. Anoman diutus merangi raja yaksa Negara Ngalengka.

B. Anoman diutus nakyinake kaanane Dewi Sinta.

C. Anoman diutus ngrangket wadya bala raseksa.

D. Prabu Rama milih Kapi Anoman minangka senopati.


4. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Tembung yaksa tegese padha ing ngisor iki, kajaba ....

A. raseksa

B. wanara

C. denawa

D. buta

4. Anoman ngaturake sesupe Sotya Ludira marang Dewi Sinta, sotya iku ....

A. ali-ali

B. kalung

C. gelang

D. inten

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. A

2. A

3. B

4. A

5. setau saya Sotya itu janji

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh winavita24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 11 Dec 22