TOLONG RUBAH CERITA DIBAWAH INI DENGAN BAHASA JAWA NGOKO!!Kidang KencanaNalika

Berikut ini adalah pertanyaan dari naufal517611 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

TOLONG RUBAH CERITA DIBAWAH INI DENGAN BAHASA JAWA NGOKO!!Kidang Kencana
Nalika Rama, Sinta, lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing wana. Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa kidang kencana, Dewi Sinta nyuwun dipuncepengaken dening ingkang garwa. Sang Rama tumuli ambujung kidang kencana. Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.

Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dhateng kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah Eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling. Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swanten ingkang kapiyarsa punika, tuhu swantenipun raka Rama, mila trataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwantenipun Rama.

Rama uninga kalamun kenging apusipun kidang kencana. Daya-daya wangsul ing papanipun Sinta lan Lesmana. Ing satengahing margi Rama kepanggih kaliyan Lesmana. Kekalihipun lajeng wangsul ing papanipun Dewi Sinta. Kejot penggalihipun Sang Rama lan Lesmana dupi anguningani Dewi Sinta boten wonten. Kekalihipun sigra ngupadi Dewi Sinta.

Ing tengahing margi Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan peksi Jathayu. Sasampunipun cariyos menawi Dewi Sinta kadhusta dening Prabu Dasamuka ing Ngalengka, peksi Jathayu pejah. Pejahipun peksi Jathayu amargi kenging gegamanipun Rahwana nalika peksi Jathayu ngalang-alangi Rahwana nggondhol Dewi Sinta.

Rama lan Lesmana tumuli nglajengaken lampah madosi Sinta ingkang kadhusta Rama. Ing satengahing margi kepanggih kaliyan wanara seta pun Anoman. Anoman tumuli pratela badhe ngabdi dhateng Prabu Rama. Pramila Rama lan Lesmana anggenipun madosi Dewi Sinta kabantu Anoman.​

Jawaban dan Penjelasan

Pertanyaan diatas belum terjawab

Last Update: Fri, 05 Aug 22