KUWALAT MARANG WONG TUWA

Berikut ini adalah pertanyaan dari indahlestariiiii23 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

KUWALAT MARANG WONG TUWADENING: Alif Noviana Ismi
Dina Minggu, aku lan kanca-kanca nduweni acara sing ora bisa diganggu gugat. Mulane aku ora oleh mlaku-mlaku karo kanca-kanca. Nanging,aku tetep kepingin mlaku-mlaku. Aku dhewe ya bingung amarga ibu ora ngidini, nanging aku kepingin.
Minggu esuk, kanca-kanca wis padha ngumpul ing omahku. Aku, Indri, Sarah, Yuniar, lan Ryas padha siap-siap mangkat menyang kebun binatang Surabaya utawa ''KBS''.
''Ya Allah...! Aku ora tega ndeleng ibu!'' batinku ing njero ati. Aku lan kanca-kanca numpak bemo jurusan Jayabaya. Ing ndalan padha crita ngalor ngidul, kabeh katon seneng. Sawise tekan terminal Jayabaya, aku lan kanca-kancaku mlaku menyang KBS. Jarak antarane terminal bemo karo KBS mung cedhak. Tekan KBS aku sakanca banjur tuku karcis. Dina iku akeh banget pengunjunge, nganti mlebu suk-sukan. Mbeneri dina iku dina Minggu lan wiwitan preian sekolah.
Aku seneng banget. Mulane papan sing dakjujung sepisan yaiku sisih Kidul wetan. Panggonanne iwak. Wah!!! Ambune amis. Sakwise aku sakanca ndeleng iwak, langsung ndeleng sikrus kewan, Seneng banget.
Dina wis awan. Panas banget. Aku lan kanca-kanca langsung njujug panggonan kanggo mangan. Panggonane ana ing njero KBS. Panggonane bisa kanggo lesehan, ngaso, utawa kanggo mangan lan ngombe. Sakbanjure, aku lan kanca-kanca mangan ing kono, lan sawise mangan langsung mbayar.
''Astagfirullah....!!'' batinku
''Dhuwitku ilang. Adhuh....'' aku bingung.
''Ana apa Nov?'' Sarah takon.
''Mmm....iku. Dhuwitku ilang...!!''
''Ya wis, ngene wae. Daksilihi Dhuwit sik. Mengko dibayar ning omah.''
Sakwise mbayar, aku lan kanca-kanca njujug menyang mushola KBS. Aku lan kanca-kanca arep shalat Ashar. Pas sakwise shalat, aku langsung ndonga. Ing atiku wis ana rasa sing ora arep kepenak. Iki kabeh mbok menawa amarga aku ora nurut marang ibu.
"Ya Allah! kula nyuwun pangapunten, Ya Allah!"
Sakwise iku kabeh, aku lan kanca-kanca banjur mulih. Tekan omah, aku langsung njaluk sepura marang ibu. Saiki aku wis sadhar, "Dhawuhe wong tuwa mono kudu diestoke".

SOAL
1. Sapa sing nyritakake pengalaman ing wacan iku?
2. Sapa sing ora ngidinake penulis mangkat menyang kebun binatang?
3. Kepiye watake sing nyritakake pengalaman ing ndhuwur?
4. Kedadeyan apa sing dialami Novi nalika lunga karo kancane?
5. Kapan Novi sakancane pada lunga?




Tolong dijawab pls​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1 ) Alif Noviana Ismi

2) ibu

3) bandel, ora ngrungokne omongan ne ibu

4) duwek e novi ilang

5) dina minggu

Penjelasan:

mff klo salah

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh putrirawrr840 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 23 Dec 22