teks idola dalam bahasa Jawa jgn ngasal​

Berikut ini adalah pertanyaan dari ramadhanimonica9 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Teks idola dalam bahasa Jawa

jgn ngasal​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Lionel Messi utawa Messi menika salah sawijiné pemain ana ing club Barcelona.[1] Lionel Messi kang jeneng asliné Lionel Andrés Messi (lair ing Rosario, Argentina , 24 Juni 1987; umur 24 taun) yaiku pemain ngarep bal-balan Argentina sing saiki maén ana ing Barcelona lan tim nasional Argentina.[2] Messi kerep diparabi “maradona anyar” amarga akeh padhané yaiku awaké péndék, luwih sikil kiwa, jago dribel bal, lan ahli nipu mungsuh.[3] Messi miwiti karir bal-balan umur liman taun, Umur sewelas taun dhéwéké miwiti karir ana ing klub lokal.[4] Messi padatan main ing posisi gelandang serang utawa penyerang.[4] Messi dikenal nduwéni dribblesing apik sing sarta umpan-umpan sing akurat.[3] Taun 2005 Barcelona nawakaké kontrak tekan 2010 regané €150 juta, €30 juta luwih dhuwur tinimbang kontrak Ronaldo rikala kuwi.[2]Bareng karo Barcelona taun 2009, dhéwéké isoh olih nem gelar.[1] Dhéwéké uga dadi pemain paling apik Eropa lan Dunia.[3]

Rikala cilik

Messi lair ing Rosario, Argentina tanggal 24 Juni 1987, anak saka Jorge Horacio Messi lan Celia María Cuccittini iki pancén katon jago bal-balan wiwit cilik.[3] September 2000, nalika umuré sewelas taun, Messi ngalami gangguan hormon lan dikhawatirké ora isoh tumbuh normal.[5] River Plate sajané pengin jupuk messi ananging ora kuat mbayar $800 per wulan nggo ngobati.[5] Untungé Barcelona gelem mbayari kabeh biayané, nanging keluargané gelem pindah ing Spanyol.[2] Yén Messi ora terapi hormon, awaké Lionel Messi mung isoh tekan 150-an céntiméter waé.[5] Kurangan hormon pertumbuhan (growth hormone deficeincy) nggawé dhuwuré messi ora lancar lan penyakit iki uga nyerang wong akéh ing donya.[5]

Penjelasan:

maaf kalo salah

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh hizkiadarmadi06 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 24 Dec 22