Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo tanggane. Uripe

Berikut ini adalah pertanyaan dari Nissaa711 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo tanggane. Uripe aye, ngibadahe uga sregep lan oleh pangoyaming Gusti, panguripane ora kacingkrangan, cukup lair tumekaning batine.Ubah carita ing dhuwur dadi basa krama​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

» Kramane :

➡️ Rakyatipun gesang rukun, tentrem, mboten remen cecongkrangan kaliyan tangginipun. Gesangipun ayem, ngibadahipun ugi giyat lan angsal pangoyaming Gusti, pagesangipun mboten kacingkrangan, cekap miyos dumugi batinipun.

Penjelasan

☞ Basa Krama

☞ {Krama alus}

→ basa kang wujude kabeh tembunge migunakake basa krama lan krama inggil.

Panganggone Krama Alus :

a. Wong enom marang wong tuwa.

b. Batur marang bendarane.

c. Murid marang gurune.

d. Andhahan marang pimpinane.

e. Kanca karo kanca sing durung kulina.

Titikan/Ciri-ciri Krama Alus :

- Tembung-tembunge krama kecampur Krama Inggil.

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung akuowah dadikula.

- Tembung koweowah dadipanjenengan.

- Kang dikramakake inggil perangan awak, sandhangan lan kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing di gunem.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng eyang, kula badhe tumut.

☞ {Krama Lugu}

- » Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

Titikan/Ciri-ciri Krama Lugu :

- Tembung-tembunge krama ora kecampur Krama Inggil

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung akuowah dadikula.

- Tembung koweowah dadisampeyan.

- ☆ Tuladha :

1. Sampeyan sampun nedha kalih napa?

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

3. Dipun entosi sekedhap nggih, Nak.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 16 Oct 22