b.jawa hal 58 kelas 6 semester 1 tolong ganti dengan

Berikut ini adalah pertanyaan dari rizkilintang171 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

B.jawa hal 58 kelas 6 semester 1 tolong ganti dengan latin plissss ​
b.jawa hal 58 kelas 6 semester 1 tolong ganti dengan latin plissss ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngartekake aksara Jawa

HARKITNAS

Harkitnas iku minangka akronim saka tembung Hari Kebangkitan Nasional kang dipengeti saben tanggal20 Mei dening bangsa Indonesia. Ngungak sejarah kang wis kawuri nuduhake manawa sawijining bangsa kang bangkit ing sajroning alam kolonial ora liya kajaba bangsa mau kepengin uwal saka belengguning penjajah. Lumrahe banjur digathukake karo politik. Mung bae ing taun taun wiwitan pepucuking laku sarta semangat kang diurubake Wahidin Soetomo lan liya liyane dhek tanggal 20Mei1908 pancen durung bisa diarani gerakan politik, apa maneh gerakan politik Nedya berjuang saka belenggu penjajah banjir madeg dadi bangsa mardika mau isih kudu liwat proses.

__________________

Pembahasan

Wacana ing dhuwur kanthi irah irahan HARKITNAS iku ana huruf kang nggunakake aksara murda lan aksara angka.

Mangerteni apa sing diarani aksara murda lan aksara angka sarta wujud lan paugerane.

1. Aksara murda

yaiku aksara sesirah kang sinebut huruf kapital. Aksara murda uga digawe kanggo pakurmatan utawa menghormati lan lumrahe kanggo nulis jenenge wong, pangkat lan drajat sarta papan panggonan.

➡️ Aksara murda cacahe ana 8 :

  • Ka = ꦑ
  • Na = ꦟ
  • Ta = ꦡ
  • Sa = ꦯ
  • Pa = ꦦ
  • Nya = ꦘ
  • Ga = ꦓ
  • Ba = ꦨ

2. Aksara angka

Aksara angka yaiku aksara kang digunakake kanggo nulis angka jawa.

➡️ Cacahe aksara angka ana 10 :

  • 0 = ꧐
  • 1 = ꧑
  • 2 = ꧒
  • 3 = ꧓
  • 4 = ꧔
  • 5 = ꧕
  • 6 = ꧖
  • 7 = ꧗
  • 8 = ꧘
  • 9 = ꧙

Paugeran aksara angka :

  • menawa nulis aksara kudu diwenehi tandha ( : : ), minangka kanggo tetenger menawa iku aksara angka, supaya bedha karo aksara liyane, amerga aksara angka ana sing padha wujude karo aksara liyane.
  • tandha ( : : ) arane tandha pangkat sing gunane kanggo pangapit.

★ catetan

huruf utawa angka sing diwenehi garis ngisor iku sing diarani aksara murda lan aksara angka.

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 10
  • Materi : Nulis Aksara Jawa
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 01 Feb 23