buatlah pidato singkat yang bertema nadranan, menggunakan bahasa Jawa! tolong

Berikut ini adalah pertanyaan dari 20sabrinaputri11 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Buatlah pidato singkat yang bertema nadranan, menggunakan bahasa Jawa! tolong di jawab secepatnya besok dikumpulkan tolonggyang serius!!


Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng Bapak Nur Hamid minangka pangarsa Dusun Tunggularum ingkang satuhu kinurmatan.

Dhumateng Bapak Rahmad minangka pangarsa RT 01 Dusun Tunggularum ingkang dhahat kinabekten.

Saha para kadang warga masyarakat Tunggularum ingkang bagya mulya.

Saderengipun menggah rantamaning adicara nyadran wonten ing dinten menika, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken raos sukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad.

Awit saking kanugrahan saha karaharjan, saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kula wonten ing mriki minangka pranata adicara badhe maosaken tata rakiting adicara nyadran wonten ing Dusun Tunggularum. Reroncening adicara nyadran wonten ing dinten menika rinacik mekaten :

Acara kaping setunggal nggeh puniko ngresiki pasarean.

Acara kaping kaleh nyekar.Acara kaping tigo wilujengan

Acara kaping sekawan, pambagyaharja dening bapak lurah

Acara kaping gangsal nggeh puniko pasugatan wayang purwa dening dhalang Ulin Nuha saking Kebumen.

Mekaten menggah rantamaning adicara nyadran wonten ing dinten menika.

Sumangga tumapak adicara purwaka, kanthi pandonga dhumateng Gusti Pangeran ingkang Maha Kuwaos. Ndedonga kula ndherekaken. Sumangga. Matur nuwun

Penjelasan:

maaf kalo salah soal nya saya bukan orang jawa

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh azzuliahmad dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 10 Jun 23