3. Tembung lingga yaiku tembung sing... a. tugel b. isih

Berikut ini adalah pertanyaan dari irahutagalung36892 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

3. Tembung lingga yaiku tembung sing... a. tugel b. isih wutuh/wantah c. ora wutuh d. uwal saka tegese​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Tembung lingga yaiku tembung sing b. isih wutuh/wantah.

PEMBAHASAN

Tembung yaiku salah sawijine unsur ing sastra jawa sing disusun saka pira-pira aksara kang nduweni swara lan arti ing sawijine basa. Tembung ana akeh jenise. Ana tembung lingga, andhahan, tanggap, tanduk, garba, saroja, camboran, rangkep, entar, rurabasa, kriya, aran, sipat, panguwuh, panyambung, lan liya-liyane. Tembung-tembung kang bakal dirembug ing rembugan iki ana loro yaiku tembung lingga lan tembung andhahan.

TEGESE LINGGA LAN ANDHAHAN

Tembung lingga yaiku tembung kang isih wutuh utawa wantah. Tegese yaiku, tembung lingga ora owah saka asale (linggane). Tembung linggauga kasebutkata dasar ing basa Indonesia. Dhene tembung kang wis owah saka asale iku biasa kasebut tembung andhahan.

Tuladha tembung lingga lan ukarane

  • Sapu - Narti njupuk sapu ing mburi omahku.
  • Tuku - Yen tuku barang, aja lali mbayar.
  • Pangan - Wong urip iku butuh sandhang lan pangan.
  • Turu - Turu dadi salah sijine perkara sing penting banget.

Tuladha tembung andhahan lan ukarane

  • Grojog + seselan um - Banyu udan gumrojog kanthi banter.
  • Jupuk + ater-ater di-- Gelange santidijupuk adhine.
  • Dolan + pungkasan -an- Bocah cilik iku umume senengdolanan.
  • Ganjar + seselan in - Kena apa pak Radi ginanjar dhuwit akeh?

PEMBAHASAN SETIAP OPSI

  • Opsi A ora trep amarga tembung sing tugel iku kelebu tembung camboran (camboran tugel), ora kelebu tembung lingga.
  • Opsi B trep amarga tembung lingga yaiku tembung sing isih wutuh / wantah, kaya kang wis diterangake ing babagan dhuwur.
  • Opsi C ora trep amarga tembung sing ora wutuh padha kaya tembung camboran tugel, ora kelebu tembung lingga.
  • Opsi D ora trep amarga tembung sing wis uwal (owah) saka tegese iku kelebu tembung andhahan, ora kelebu tembung lingga. Kaya kang wis diterangake ana ing babagan dhuwur.

Pilihan kang paling trep kanggo ngisi pitakon ing dhuwur yaiku b. isih wutuh/wantah

PELAJARI LEBIH LANJUT

DETAIL JAWABAN

Kelas : 8

Mapel : Bahasa Jawa

Materi : Bab 4 - Tetembungan

Kode kategorisasi : 8.13.4

kata kunci : Tembung, lingga

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh MelindaDiani123 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 23 Aug 23