Assalamu'alaikum Wr. Wb. Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru

Berikut ini adalah pertanyaan dari turimanturiman526 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula urmati, rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat, sarta hidayah. Dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kangge ngawontenaken pepisahan. Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kintun kula minangka wakilipun murid kelas 6 ngaturaken agunging panuwun awit saking sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah lan mulang wuruk dhumateng kawula, saengga kawula saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 6 tahun. Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula urmati, sekedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken Bapak/Ibu saha adhik-adhik kelas sadaya. Makaten atur kawula, inggih punika sepisan ngaturaken panuwun lan ingkang kaping kalih nyuwun pamit badhe nilaraken pawiyatan. Kula sarencang kelas 6 tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi-mugi adhik-adhik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika. Boten kintun ugi kula sakanca tansah memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados Bapak/Ibu Guru saha adhik-adhik pikantuk rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan setunggal punapa Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang, pramila cekap semanten atur kula, mbokmenawi wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu'alaikum Wr. Wb.1. Sesorah utawa pidhato ing dhuwur iki ing acara

a. pepisahan kelas
b. rapat pepisahan
C. syukuran lulus sekolah
d. syukuran arep ngleboni ing SMP ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

JAWABAN

==========================
a. Pepisahan Kelas
==========================


NOTE : MOHON MAAF JIKA TERJADI KESALAHAN/KATA KAMI MOHON MAAF

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh WolfalphaAnswer dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 04 May 23