Tolong ringkaskan teks di bawah ini:Laire Raden Rama WijayaPrabu Dasarata,

Berikut ini adalah pertanyaan dari renata20102 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Tolong ringkaskan teks di bawah ini:Laire Raden Rama Wijaya

Prabu Dasarata, raja ing Negara Ayodya kagungan garwa cacah telu, yaiku Dewi Kosalya. Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Nanging nganti suwe garwa telu kasebut durung peputra. Prabu Dasarata banjur nyenyuwun marang dewa, ora let suwe garwa cacah telu kasebut padha nggerbini. Dewi Kosalya nglairake putra kakung banjur kaparingan nama Rama, Dewi Kekayi uga nglairake putra kakung kaparingan nama Bharata. Dewi Sumitra nglairake putra kembar diparingi nama Laksmana lan Satrugna.

Putra cacah papat kagulawenthah kanthi kebak tresna asih. Saben dina diparingi ngelmu lan seserepan, utamane babagan tresna asih mring sesama uga marang sakabehing titah. Nengenake manembah marang Gusti Kang Kuwasa, nduweni sipat satriya, sarta gladhen kanuragan. Anggone necep kawruh kang maneka rupa kasebut dipasrahake marang Resi Wasista. Bocah papat ngancik jaka lan dewasa. Kabeh nduweni kuwasisan lan kelantipan, nanging Rama katon kang paling pinunjul tinimbang sedulur telu liyane.

Rama, satriya bagus gagah merbawani unggul babagan manah kang titis tanpa sisip. Ya saka kuwasisane kasebut Resi Wismamitra njaluk tulung marang Rama supaya nyingkirake para danawa kang ngreridhu ing pertapane. Senajan Prabu Dasarata was sumelang marang keslametane, nanging kanyata bisa mungkasi gawe. Para danawa bisa disingkirake.

Sasirnane para danawa, Rama kang nama jangkepe Rama Wijaya uga jejuluk Ramaragawa, Ramacandra, Ramabadra, Ramadewa, lan Raguputra iku diprayogakake supaya menyang negara Mantilidirja. Prabu Janaka, nata negara kasebut kagungan putri kang sulistya ing warna. Akeh para satriya kang kepengin nggarwa, nanging kabeh katampik. Sinta gelem kagarwa sauger ana sing bisa ngangkat lan menthang gendhewa pusakaning praja. Titisaning Dewa Wisnu iku supaya melu mupu sayembara amrih bisa dhaup karo Dewi Sinta. Bener, gendhewa kaangkat lan kapenthang dening Ayodyaputra. Wusanane Rama kelakon nggarwa Sinta.

Sawise nggarwa Sinta. Rama sinengkake ing ngaluhur ngganteni Prabu Dasarata madeg raja ing Ayodya. Prabu Dasarata lali marang janjine menawa Dewi Kekayi peputra kakung bakal didadekake raja. Mula nalika Rama winisuda dadi raja, Dewi Kekayi banjur nutuh lan ngundhat-ngundhat janji kasebut sebab nyata peputra kakung nama Bharata. Ringkesing crita, Bharata didadekake raja ngganteni Rama. Ora tekan semono, Rama lan Sinta ora kena manggon ana jroning kraton Ayodya. Mula sawise Bharata diwisuda. Rama lan Sinta budhal didherekake adhine, Laksmana.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Rama adalah salah satu dari tiga putra dari Raja Dasarata dari negara Ayodya. Rama dikenal sebagai satria yang hebat dan berbudi luhur, ia dibantu oleh Resi Wismamitra untuk mengalahkan para danawa yang mengganggu pertapaan. Setelah berhasil mengalahkan para danawa, Rama diperintahkan untuk mengambil Dewi Sinta dari negara Mantilidirja melalui sebuah sayembara amrih. Rama berhasil menang dan menikahi Sinta, namun harus meninggalkan kraton Ayodya setelah saudaranya Bharata diangkat menjadi raja. Rama dan Sinta kemudian hidup di hutan dengan ditemani saudara Laksmana.

BINTANG 5 NYA YA KK :)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh rosinante19 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 29 Apr 23