Bahasa JawaGATHUTKACA GUGUR Bathara Kresna

Berikut ini adalah pertanyaan dari zefanyasandiana pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Bahasa JawaGATHUTKACA GUGUR

Bathara Kresna ndhawuhi Gathutkaca dadi senapati perang, ngadhepi Adipati Karna. Senajan Gathutkaca Dudu tandhinge Adipati Karna, nanging Gathutkaca ora wedi, malah seneng atine awit dipercaya dadi senapatine Pandhawa ing perang Baratayuda.
Gathutkaca bisa nggawe Adipati Karna kedhodhoran perange. Gandheng kepepet, Adipati Karna banjur migunakake senjata "Kunta Wijayadanu" sing pancen ampuh.
Ora ana sing bisa nglawan senjata "Kunta Wijayadanu" iku. Arepa dewa, tetep kalah. Mula ora aneh, senjata Gathutkaca sekti mandraguna, nalika kataman senjata "Kunta Wijayadanu" tiwas sanalika netepi kuwajibane dadi satriya utama.
Weruh Gathutkaca tiwas ing palagan, para Pandhawa padha sedhih kajaba Prabu Kresna. Arjuna gumun banjur matur marang Prabu Kresna, " Kenging menapa, Kakang Mas malah rene ing penggalih?" Prabu Kresna ngendika, "Adhi - adhiku kabeh mengertia. Ingsun pancen njarag ndhawuhi Gathutkaca ngadepi Adipati Karna, senajan dudu tandhingane awet ingsun kepingin Adipati Karna namakake senjata Kunta sing mung bisa kanggo sepisan iku. Awit saka, adhi - adhiku kabeh, aja wedi ngadhepi kangmasmu Adipati Karna, amarga saiki wis ora duwe senjata sing sekti maneh."
Pandhawa ilang sedhihe krungu pangandhikane Prabu Kresna, mula kanthi ati sing manteb, kabeh para Pandhawa padha nerusake anggone perang nglawan Kurawa.





Soal :

1. Apa irah-irahane crita wayang ing dhuwur?
2. Gathutkaca iku putrane sapa?
3. Sapa sing ndhawuhi Gathutkaca dadi senapati perang?
4. Gathutkaca perang mungsuh sapa?
5. Adipati Karna sekti lan digdaya amarga duwe senjata apa?
6. Gathutkaca duwe aji - aji kotang, jeneng e apa?
7. Senjatane Prabu Kresna jeneng e apa?
8. Gathutkaca mungsuh Adipati Karna sejatine dudu tandhinge tegese apa?
9. Apa sebabe Prabu Kresna malah seneng penggalihe?
10. Tulisen amanat crita wayang ing dhuwur!

bantu jawab, besok dikumpulkan
jawab asal? report!
Karena saya sangat butuh jawabannya!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. Gathutkaca Gugur

2. Raden Werkudara

3. Bathara Kresna

4. Adipati Karna

5. Senjata "Kunta Wijayadanu"

6.  Aji-aji Narantaka

7. Panah Cakra

8. Dudu tandhingane iku tegese Gathutkaca ora bakal bisa ngalahake Adipati Karna, amarga Adipati Karna nduwe senjata Kunta Wijayadanu

9. Prabu Kresna pancen njarag ndhawuhi Gathutkaca ngadepi Adipati Karna supaya Adipati Karna namakake senjata Kunta sing mung bisa kanggo sepisan iku.

10.  Kudu wani nglawan angkara senajan nduweni risiko kelangan wong sing paling penting ing urip, kaya kulawarga

Semoga bermanfaat :)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh llstyn dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 03 Jul 23