Kagunan crita rakyat Kang menehi nilai-nilai kaendahan yaitu kegunaan......​

Berikut ini adalah pertanyaan dari sabilathariz4 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Kagunan crita rakyat Kang menehi nilai-nilai kaendahan yaitu kegunaan......​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

estetis

Penjelasan:

CRITA RAKYAT

Yaiku crita rakyat kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ana ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.

Tumpraping bacah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga ana ing sajroning crita kasebut akeh pesen-pesen moral kang bisa dadi lantaran nandurake budi pekerti luhur tumprap bocah-bocah.

• Mupangate crita rakyat yaiku:

1. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng, uga menehi hiburan (panglipur)

2. Mupangat didaktif yaiku ndidik para kang maca amarga nilai-nilai kebeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita

3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan

4. Mupangat moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek

5. Mupangat religiusitas yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.

•Titikane crita rakyat yaiku:

1. Panyebarane kanthi lisan

2. Asipat tradhisional

3. Sugih cakrek lan variasi

4. Jenenge pangaripta ora konangan

5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.

• Unsur Instrinsik:

Crita rakyat iku duweni unsur-unsur kang bisa disinau kanggo nemokake tegese. Unsur-unsur kang bisa ditemokake ana ing sajroning crita bisa kasebut unsur instrinsik. Dene kang kalebu unsur instrinsik kayata: tema, latar, paraga, alur lan amanat.

a. Tema yaiku undere bab kang dadi dhasar/landhesaning crita. Tegese sawijining prakara kang diangkat lan dijabarake ana ing saperangan gedhe crita/pokok masalahe crita. Tema-tema kang diangkat ana ing crita maneka warna kayata legenda, crita dewa-dewi, fabel lsp.

b. Latar yaiku katrangan kang nuduhake panggonan lan titimangsa/wayah dumadine kadadeyan-kadadeyan ana ing crita. Latar bisa dimagerteni sakabehing prakara kang dadi latar belakange dumadine crita.

c. Paraga yaiku tiyang kang wonten ing dalan crita. Paraga siji lan sijine nduweni watak wantu (perilaku watak) kang seje. Ana paraga kang kalebu paraga protagonis (apik, patriot, tumindake bener) lan ana uga paraga antagonis (jahat, kasar lan liya-liyane).

d . Alur yaiku urutane dalane crita.

e. Amanat/pesen yaiku pituduh kang sinimpen ana ing crita. Amanat bisa kaserat langsung liwat narasine pangripta utawi dialog kang ditindakake dening paraga-paraga ana ing crita, nanging bisa uga sinandi ana ing crita wutuhe.

••••••••••••••••

SUMBER : Sutresna Basa Jawa

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh hasnahaye108 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 07 May 23