sesorah pidato bahasa Jawa pepisahan kelas 6 tolong segera di

Berikut ini adalah pertanyaan dari novelpuput12345 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Sesorah pidato bahasa Jawa pepisahan kelas 6 tolong segera di jawab ya kac ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Contoh 1

Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh rifkanavisya31 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 23 Apr 23