kodhok,Ula LAN Elanging danau tengah alas Urip kewan loro,yaiku Ula

Berikut ini adalah pertanyaan dari nifa33048 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Kodhok,Ula LAN Elanging danau tengah alas Urip kewan loro,yaiku Ula LAN kodhok.
kodhok seneng mlumpat-mlumpat ing sakiwa tengene danau.
kodhok iku kepengin weruh kahanan ing Donya Iki. kodhok kaget meruhi WIT-witan kang obah. jebule ing Kono ana ula.kodhok Wedi LAN arep mlayu, nanging Ula kebacut ngonangi.

Ula nyedhaki kodhok banjur ngomong."he kodhok,aja Wedi,aku wis wareg bubar mangan kelinci." kodhok banjur mangsuli. "aku pengin dolan adoh nyawang kahanan njaba." "lah Kuwi panemu sing becik" semaure Ula. "nanging aku Wedi,jare akeh kewan-kewan galak." pangucape kodhok.

Ula banjur nawani pitulungan. Ula gelem ngancani muter muter ing sajrone alas. nanging kodhok dijaluki naleni awake Ning buntute ula.perlune supaya kodhok LAN Ula ora kepisah adoh.kodhok nyaguhi banjur kalorine lunga bareng.

jebule Ula duweni niat culika.ing tengahe alas Ula banjur nggubet kodhok.kodhok arep dipangan.nanging ing lintang Katon elang kang weruh Ula iku.ula banjur disamber elang LAN digawa mabur.ula banjur ditladung elang ngantri nemoni pati.elang lagi mangerteni jebule ana kodhok sing ketali ing awake Ula.

kodhok banjur ditulungi dening elang luwar saka taline.kodhok ngucap panuwun LAN banjur nerusake laku elang meling supaya kodhok tansah ngati-ati.amarga akeh kewan Katon apik,nanging duwe niat culika.

1. ana ing ngendi kodhok seneng mlumpat mlumpat?
2. sapa wae paraga sajrone cerita?
3.apa sing dadi kepenginane kodhok?
4. apa sing marakake kodhok kaget?
5.ula nawani pitulungan marang kodhok?
6. apa niat culikane Ula tumrap kodhok?
7. sapa sing nulungi kodhok?
8.kenangapa Ula bisa mati?
9.apa sing ditindakake kodhok bibar ditulungi elang?
10.apa piwelinge elang marang kodhok?

minta bantuan jawaban yg bner ya ​​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. danau tengah alas

2. kodhok, elang, ula (paraga adalah tokoh)

3. pengen weruh opo bae sing ana ing donya iki

4. wit witan kang obah

5. diajak keliling (mubengi) hutan, gawe nglindungi kodhok

6. kate dipangan, ing tengah alas, ula banjur nggubet kodhok.

7. elang

8. sebab e amarga ula dipangan elang

9. ngucapake panuwun lan nerusake laku elang meling supaya tansah ngati ati

10. kudu tansah ngati ati amarga akeh kewan katon apik, nanging duwe niat culika .

SEMOGA MEMBANTU

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh andynakiarra28 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 31 May 23