Wong desa Banarawa mbebedag kewan alas kanggo syarat slametan memetri

Berikut ini adalah pertanyaan dari dorazanetacleo pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Wong desa Banarawa mbebedag kewan alas kanggo syarat slametan memetri desa. Sedina muput wong sadesa ora oleh gawe, amarga kesel banjur leren lan lungguh ana wit kang rubuh. Gaman kang awujud peso glathi ditancepake ana wit rubuh mau. Wong-wong pada kaget amarga wit sing ditancepi peso ngetokake banyu warna abang kang ora liya jebul getihe ula Naga Baro Klinthing kang lagi mertapa. Ula dipateni, daginge dirajang-rajang didum wong sadesa kanggo syarat memetri desa. Upacara memetri desa kawiwitan, rohe (sukmane) Baru Klinthing kang memba bocah Bajang sing ala rupane, lan ledhis ambune, njaluk bageyane daging ula. Nanging ora ana wong menehi, malah dheweke ditundhung lunga. Bocah Bajang ninggalake desa Banarawa, tumuju omahe Mbok Randha, dheweke digemateni dening Mbok Randha. Bocah Bajang bungah atine, nalika pamitan ninggal weling supaya Mbok Randha nyawisake lesung karo enthong, samangsa ana banjir bandhang Mbok Randha supaya munggah lesung. Bocah bajang tumuju maneh desa Banarawa lan nancepake sada lanang ana plataran daleme Ki Juru Mathokan. Dheweke nganakake sayembara sapa sing bisa mbedhol sada lanang bakal oleh bebungah. Nanging ora ana wong siji wae sing bisa mbedhol kalebu ki Juru Mathokan. Bareng wis ora ana sing kuwat sada lanang dibedhol karo Bocah Bajang, tilas bedholane muncrat banyu. Iline banyu saya gedhe nganti ngelebi desa Banarawa. Wong sadesa mati klelep, mung Mbok Randa sing isih urip amarga munggah lesung kaya piwelinge Baro Klinthing. Desa Banarawa ilang dadi rawa. Rawa iku katelah Rawa Pening, kang dumunung ana ing kukuban Ambarawa.Critakna sepisan meneh dumadina Rawa pening kanthi cekak, nganggo basa Krama Alus!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

bahasa apa ini kk?? aku tidak tau

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Nauracantikahumayra dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 12 Jul 23