Syarat-syarat'e gawe parikan,saben gatra dipedhot-pedhot kajabaa.4-4 b.4-6c.4-8d.8-8Pepindhan gunane kanggo ngumpamakake

Berikut ini adalah pertanyaan dari aleacallysta0106 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Syarat-syarat'e gawe parikan,saben gatra dipedhot-pedhot kajabaa.4-4
b.4-6
c.4-8
d.8-8

Pepindhan gunane kanggo ngumpamakake utawa...​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. B. 4-6
  2. Mindhakake apa wae sing ngemu teges emper-emperan.

Penjelasan

  • Kajaba tegese kecuali.

___________________

1. Parikan yaiku ukara sing kedadeyan saka sampiran lan isi.

  • Parikan tegese tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.

Ing basa Indonesia, parikan iku diarani pantun.

>> Ciri-cirine :

  1. Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
  2. Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi.
  3. Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
  4. Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.
  5. Bisa kedadeyan saka patang wanda sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.

>> Parikan manut cacahing wandane :

1. Parikan kadadeyan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2

2. Parikan kadadeyan saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2

3. Parikan kadadeyan saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2

- Tuladha :

1. Abang-abang ora legi,

klambi abang merak ati

2. Ngasah arit, nganti landhep,

dadi murid, kudu sregep.

3. Wajik klethik, gula jawa,

Kalah dhisik, ora papa.

2. Pepindhan gunane kanggo ngumpamakake utawa mindhakake apa wae sing ngemu teges emper-emperan.

{Pepindhan}

» Unen-unen kang ora ngemu surasa sejatine. Lumrahe pepindhan nganggo tembung kaya, lir, pindha, kadya, lsp kang ngemu karep kaya.

» Tuladha :

  1. Dhuwure kaya otak-otak mega.
  2. Rukune kaya mimi lan mintuna.
  3. Rupane kembar pindha sinigar jambe.
  4. Tandange kaya bantheng ketaton.
  5. Jogede kaya merak kasimpir.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 5

Materi : Piwulang 6 - Perangan awak

Kata Kunci : Parikan, Pepindhan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 5.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 18 Jun 21