43. Bapak ndelok tradhisi Sekaten ing Solo. Gantinen ukara ing dhuwur

Berikut ini adalah pertanyaan dari alyanesya2099 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

43. Bapak ndelok tradhisi Sekaten ing Solo.Gantinen ukara ing dhuwur nganggo unggah-ungguh basa krama inggil kang trep

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Krama Inggile yaiku Bapak mriksani tradhisi Sekaten ing Solo.

Penjelasan

Ndelok : Ngoko lugu

Ningali : Krama lugu

Mriksani : Krama alus/inggil

________________

☞ {Krama alus/inggil}

→ basa kang wujude kabeh tembunge migunakake basa krama lan krama inggil.

Panganggone Krama Alus :

a. Wong enom marang wong tuwa.

b. Batur marang bendarane.

c. Murid marang gurune.

d. Andhahan marang pimpinane.

e. Kanca karo kanca sing durung kulina.

Titikan/Ciri-ciri Krama Alus :

- Tembung-tembunge krama kecampur Krama Inggil.

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung akuowah dadikula.

- Tembung koweowah dadipanjenengan.

- Kang dikramakake inggil perangan awak, sandhangan lan kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing di gunem.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng eyang, kula badhe tumut.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama inggil

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 28 Jul 21