Dewi rati Dewaning bahasa jawa​

Berikut ini adalah pertanyaan dari royrustanto01 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Dewi rati Dewaning bahasa jawa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Penjelasan:

DEWI RATIH

Dewi Ratih utawa Bathari Kamaratih iku garwane Bathara Kamajaja, dewaning asmara. Dewi ratih putrane Bathara Soma. Pasuryane banget ayune. Mbranyak pasemone, gandhes luwes wiragane. Tindak-tanduke mranani, solah bawane amilangoni sarwa patut. Dewi Ratih kadunungan watak :

(1) Gemi, nastiti, lan ngati-ati. Gemi tegese ngirit, ora gelem ngetokake wragad kang ora prelu. Nastiti, tegese bisa nyimpen asil kas-kaya utawa pametune keng garwa , lan tansah mbudidaya aja nganti tumundak luput marang kakunge.

(2) Rigen, mugen, tegen. Rigen tegese pinter nata samubarang, temah resep ing pandulu , nyenengake yen disawang. Tegen tegese betah, santosa ing budi, ora lelemeran. Mugen, tegese ora dhemen lelungan sesanjan, lan ora darbe ati ala.

(3) Ririh, ruruh, rereh. Ririh, tegese tindak-tanduke sarwa alon lan anteng. Nyambut gawe, lumaku, caturan, ngguyu, ditindakake kanthi alon. Ruruh, tegesengerti subasita, ngerti uanggah-ungguh, sopan, anteng. Rereh, tegese sabar atine, ora tau nesu lan ora tau nyuwara seru marang sapa wae.

(4) Gumati, mangerti, miranti. Gumati, tegese nindakake leladi kanthi temen-temen lan ora weya ing kuwajiban. Mangerti, tegese bisa nuju prana, salaras karo kahanan. Miranti, tegese tansah nenimbang karsane garwa, ora nguciwani.

(5) Bisu, lumpuh, wuta, tuli. Bisu, tegese nyegah pangandikan sing kurang prelu, ora gelem nyatur liyan. Lumpuh, tegese nyegah mertamu utawa sesanjan sing ora prelu. Wuta, tegese ora ndeleng priya liya utawa ora gampang nibakake katresnan marang priya liya saliyane bojone. Tuli, tegese ora dhemen ngrungokake bab-bab kang ora becik, luwih-luwih alaning liyan.

Iya jalaran watak-wantune Dewi ratih kang sarwa becik mau mula ora mokal menawa Bathara kamajaya jasok banget katresnane marang Sang Dewi. Bathara kamajaya lan Dewi Ratih kondhang rukune, ora tau congkrah lan padudon, padha bisane ngemong, padha-padha tresnane, temah dadi lambanging katresnan jati salaki rabi.

Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih banget ditresnani dening wong-wong tanah Jawa, mula jaman biyen ana kapitayan, yen ana wong nggarbini kang sepisanan kudu diadani slametan “mitoni, utawa tingkeban”. Diarani mitoni, amarga slametan mau diadani nalika umur kandhutan ndungkap 7 wulan.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh faiha14 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 15 Jul 21