gawea pacelathon cekak wae kang isi bab lingkungan alamjawab ya​

Berikut ini adalah pertanyaan dari salswasalsabila123 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Gawea pacelathon cekak wae kang isi bab lingkungan alam

jawab ya​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Nisa : Hèi Budi piyé kabaré? Kok kowé kétok sumêlangmên ki yagéné ta?

Budi : Iya, aku sumêlang jalaran polusi lingkungan.

Nisa : Iya ya...saiki lingkungané awakédhéwé lagi kêna bêbaya. Polusi wis sansaya parah.

Budi : Pêrkara polusi bisa mbêbayani ora mung marang manungsa nanging uga kéwan.

Nisa : Bênêr bangêt. Yèn manut kowé èfèk négatif polusi iku apa waé?

Budi : Efèk polusi marang lingkungan kuwi sèrius bangêt. Polusi bisa njalari sistêm ékologi ora imbang lan nyêbabaké bêncana alam.

Nisa : Bênêr. Kajaba iku, polusi lingkungan uga njalari suhu bumi mundhak. Piyé yèn manut kowé?

Budi : Aku sêtuju karo opinimu. Kajaba iku, yen dak kira, tanduran lan kéwan-kéwan bakal ilang saka bumi jalaran suhu bumi kang sansaya mundhak.

Nisa : Bênêr. Es bakal dadi banyu satêmah banyu sêgara mundhak amarga polusi lingkungan.

Budi : Ya mêsti. Polusi lingkungan uga bakal nyêbabaké mêtuné pênyakit-pênyakit anyar. Têrus solusiné piyé?

Nisa : Wong-wong kabèh kudu mbudidaya ngêndhêgaké polusi lingkungan. Awakédhewé kabèh kudu wêruh bêbaya jalaran èfèk polusi lingkungan mau.

Budi : Ya bênêr bangêt.

Penjelasan:

Pacelathon yaiku sawijining wujud komunikasi sing ditindakake dening wong loro utawa luwih kanggo nyampekake ide, pendapat, komentar, utawa perasaan.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh unknown dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 26 Jun 21