Terangna apa kang diarani teks deskripsi​

Berikut ini adalah pertanyaan dari gondhoy pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Terangna apa kang diarani teks deskripsi​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Teks dheskripsi yaiku teks kang menehi gambaran samubarang marang kang maca, nganti sing maca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.

Penjelasan

{Teks dheskripsi}

→ teks sing nggambarake obyek kanthi gamblang lan rinci. Tujuwane teks dheskripsi kanggo menehi gambaran samubarang marang kang maca, nganti sing maca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.

» Titikane/ciri-ciri karangan dheskripsi :

1. Nggambarake samubarang kanthi cetha.

2. Njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya.

3. Pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadeane.

4. Njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa, ganda, lan kahanan liyane.

  • Struktur teks dheskripsi :

a. Idhentifikasi => perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha, lsp.

b. Klasifikasi (dhefinisi) => perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa kelompoke.

c. Dheskripsi bagean => perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.

>> Tuladha :

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah ciilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane. Meh saben puluhan meter ana wot kanggo nyabrang wong-wong kang perlu makarya menyang sawah. Sinawang pancen nyata katon endah.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Teks dheskripsi

Kata Kunci : Tegese teks dheskripsi

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 10 Jun 21