1. Ancik-ancik ana ing pucuking eri, tegese?a. Wis ra ono

Berikut ini adalah pertanyaan dari Kianafinca pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

1. Ancik-ancik ana ing pucuking eri, tegese?a. Wis ra ono ajine babar pisan.
b. Wong sing tansah kuwatir
sumelang.
c. Gegayuhan kang ora imbang kekuwatane.
d. Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.

2. Kebo kabotan sungu, tegese bebasan yaiku?

a. rekasa merga kakehan anak.
b. wis entek kesugihane.
c. rebutan barang kang sepele.
d. wong lanang kang jirih.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Ancik-ancik ana ing pucuking eri, tegese?

➡️ b. Wong sing tansah kuwatir sumelang.

  • Kalebu Bebasan.

2. Kebo kabotan sungu, tegese bebasan yaiku?

➡️ a. Rekasa merga kakehan anak.

Penjelasan

Paribasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.

—☆ Tuladha :

1. Kebat kliwat, gancang pincang.

✧Tegese : tumindak kanthi kesusu, asile ora bakal maremake.

2. Anak polah bapak kepradhah.

✧Tegese : tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwane.

Bebasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.

—☆ Tuladha :

1. Nglungguhi klasa gumelar.

✧Tegese : mung kari nemu penake.

2. Suduk gunting tatu loro

✧Tegese : tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan (kerugian) rong werna.

Saloka

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.

—☆ Tuladha :

1. Cebol nggayuh lintang.

✧Tegese : wong mlarat nduwe gegayuhan (kekarepan) sing mokal kasembadan.

2. Kacang ora ninggal lanjaran.

✧Tegese : sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 2 - Budaya

Kata Kunci : Ancik-ancik pucuking eri, kebo kabotan sungu

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 15 Jul 21