Berikut ini adalah pertanyaan dari IgnatyoKevin75 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Kurawa KawiranganPaman Yama Widura was sumelang penggalihe. Mula sawise Ibu Kunthi lan para Pandhawa budhal menyang Waranawata, enggal utusan Kanana abdi kinasihe. Kanana diutus gawe trowongan. Trowongan mau kudu bisa dadi dalan, samangsa ana kedadean kang mbebayani tumrap Ibu Kunthi lan para Pandhawa.
Ing wektu kang wis ditemtokake, nalika rembulan ndadari sumunar padhang, Kurawa lan Patih Sengkuni nindakake culikane. Purucana diutus ngobong Bale Sigala-gala nalika kabeh padha turu kepati, sauntara Kurawa padha njagani ing sajabane.
Temenan, sedhela bae Bale Sigala-gala dadi geni mangalat-alat. Bale kang digawe saka damar mau mulad-mulad kobar. Hawa panas lan beluk kandel, nangekake para Pandhawa. Bima enggal nggendhong Nakula lan Sadewa. Arjuna golek dalan kanggo uwal saka geni. Puntadewa nggandheng Ibu Kunthi.
Dumadakan ana garangan putih mlebu ing leng kang digawe dening Kanana. Pandhawa lan Ibu Kunthi ngetutake garangan putih mau. Slamet, waras wiris ora nandang apa-apa. Metu saka trowongan wis ana ing sapinggire alas Waranawata. Garangan putih mau ora liya Hyang Antaboga kang nedya mitulungi Dewi Kunthi lan para Pandhawa.
Sauntara Kurawa ngguyu lakak-lakak. Duryudana, Patih Sengkuni, Dursasana, lan adhi-adhine rumangsa marem atine. Seneng bisa nyingkirake Pandhawa selawase. Ora ngerti yen tumindak culikane mau bakal nuwuhake urip sengsara kanggo Kurawa lan Hastinapura.
4.Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!

Pitakon 1:
Sapa wae paraga ing crita "Kurawa Kawirangan" ing dhuwur?


a. Pandhawa, Kurawa, Patih Sengkuni, Paman Yamawidura

b. Pandhawa, Ibu Kunthi, Kurawa, Patih Sengkuni, Paman Yama Widura, Kanana, Purucana, Hyang Antaboga

c. Paman Yama Widura, Pandhawa, Ibu Kunthi, Patih Sengkuni

d. Duryudana, Dursasana, Patih Sengkuni, Purucana

5.Pitakon 2:
Kepriye watake Duryudana iku?

a. protagonis

b. seneng tetulung

c. luhur bebudene

d. seneng tumindak culika

6.Pitakon 3 :
Ing ngendi latar panggonane crita "Kurawa Kawirangan"?


a. Waranawata

b. Wanara

c. keraton

d. Ngastina

7.Pitakon 4:
Apa amanat sing bisa dijupuk saka crita "Kurawa Kawirangan"?


a. Aja mblenjani janji

b. tumindak apik nuwuhake urip sengsara

c. kudu seneng tetulung

d. tumindak culika nuwuhake urip sengsara

8.Pitakon 5:
Nalika kobongan, Ibu Kunthi lan Pandhawa kabeh padha ... .


a. jagongan

b. turu kepati

c. menyang Ngastina

d. uwal saka negarane​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1.a

2.b

3.c

4.d

5.b

Penjelasan:

semoga membantu

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh rikauul dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 24 Jun 21