Bale Sigala-galaBecik ketitik, ala ketara paribasan iku tegese sapa kang

Berikut ini adalah pertanyaan dari dmargaretha17709 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Bale Sigala-galaBecik ketitik, ala ketara paribasan iku tegese sapa kang tumindak becik lan sapa kang tumindak ala bakal ketara dhewe ing tembe burine. Kaya lelakone Pandhawa lan Kurawa, kadang Pandhawa
tansah nuduhake watak kang becik, seneng tetulung, lila legawa,
pasrah marang Gusti Kang Maha Kawasa.
Kosok baline kadang Kurawa dadi manungsa kang adigang adigung adiguna, seneng ngina sapepadha, atine ana erine tansah nuruti hawa nepsu angkara murkane. Apa maneh nalika pamane,
yaiku Patih Sengkuni ana ing cedhake, saya ndadra, murang tata, lan ninggal tatakramane.
Sore iku ing alun-alun Hastinapura, Pandhawa lan Kurawa lagi dolanan bareng.
“Adhiku Yudhistira,” alus tembunge Duryudana.
“Kepriye Kakang?”
“Kanggo ngundhakake kawruhmu, lan bisa cedhak karo kawula cilik, si adhi lelima wis takaturi ameng-ameng, lelana brata,”
“Sampun kuwatos, sampun wonten pesanggrahan endah asri kagem sare Panjenengan lan Ibu Kunthi ing tlatah Waranawata” pambujuke Patih Sengkuni.
“Iya Dhi. Mengko si Puracana kang bakal ngladeni kabeh kang dadi kersamu sakadang,”
Wusana Pandhawa lima lan Ibu Kunthi pamitan marang Eyang Bhisma, Prabu Dhestarastra, lan Paman Yama Widura. Anane mung manut lan rila legawa. Awit percaya yen kabeh lelakone manungsa iku
wis pinesthi dening Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Apa kang nyebabake Pandhawa tetep budhal?



Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban dan Pembahasan

1. Apa tegese paribasan "becik ketitik ala ketara"?

➡️ Tegese sapa kang tumindak becik lan sapa sing tumindak ala bakal ketara dhewe ing tembe mburine.

2. Kepriye watake Pandhawa lan Kurawa?

➡️ Kadang Pandhawa tansah nuduhake watak kang becik, yaiku seneng tetulung, lila legawa, lan pasrah marang Gusti Ingkang Maha Kuwasa. Dene Kurawa nduweni watak kang ala, yaiku adigang, adigung, adiguna, seneng ngina sapadha-padha, atine gampang meri, lan tansah nuruti nepsu angkara murka.

3. Kepriye watake Kurawa nalika cedhak karo Paman Sengkuni?

➡️ Watake saya ndadra, murang tata, lan ninggal tata krama.

4. Pandhawa di kongkon menyang ngendi dening Duryudana?

➡️ Di kongkon menyang alas Warawanata.

5. Kepriye pambujuke Paman Sengkuni marang Pandhawa?

➡️ Pambujuke yaiku wis ana pasanggrahan kanggo sare Pandhawa lan ibu Kunthi ing Warawanata.

6. Apa kang nyebabake Pandhawa budhal? ✔️

➡️ Amarga Pandhawa percaya yen kabeh lelakone manungsa iku wis pinesthi dening Gusti Kang Murbeng Dumadi.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 5

Materi : Piwulang 7 - Kabudhayan Jawa

Kata Kunci : Pandhawa, Kurawa, Bale sigala-gala, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 5.13.7

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 02 Jul 21