1. Jlentrehna kang diarani medhar sabda!Wangsulan:2. Apa bae kang klebu

Berikut ini adalah pertanyaan dari Miaakumalaa4103 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

1. Jlentrehna kang diarani medhar sabda!Wangsulan:
2. Apa bae kang klebu cengkorongan sesorah?
Wangsulan:
3. Andharna kang dikarepake duweni rasa wani ana ing sangune juru sesorah!
Wangsulan:
4. Jlentrehna tegese juru sesorah kudu duwe sangu patrap utawa sikap!
Wangsulan:
5. Kepriye kang diarani basa sing komunikatip nalika sesorah?
Wangsulan:​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. Medhar sabda utawa ular-ular, yaiku sesorah sing isine menehi pitutur luhur (nasihat) utawa menehi ngelmu kang ana manpaate.

3. Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.

4. Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.

Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumringah anengsemake amarga swasanane nyenengake.

5. Kang diarani basa sing komunikatif nalika sesorah yaiku basa kudu ngelingi sapa sing diajak guneman, sapa sing ngajak gumeman, sapa diomongke, swasananing nalikaning guneman lan padha mangerteni sing diomongake.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh anitaretnomulat dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 04 Jul 21