Jinejer ing WedhatamaMrih tan kemba kembenganing pambudiMangka nadyan tuwa pikunYen

Berikut ini adalah pertanyaan dari kevin13122020 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Jinejer ing WedhatamaMrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi sepa lir sepah asamun

Samasane pakumpulan

Gonyak-ganyuk nglelingsemi
Tulisna isine tembang Pangkur neng dhuwur!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Isine yaiku ajaran ing serat wedhatama yaiku supaya mbudidaya babagan ngelmu lan uga rasa kang sejati sajroning pakumpulan ing masyarakat supaya ora ngisin-isini.

Penjelasan

Jinejer ing Wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa,

yekti sepi asepa lir sepah samun,

Samangsane pasamuan

Gonyak ganyuk nglilingsemi.

  • Tegese :

Dijejer ing serat Wedhatama

Supaya ora males golek ngelmu

Senadyan wis tuwa pikun

Yen ora mangerteni rasa

Sejatine sepi/ora guna kaya ampas samar/sia-sia

Wayah paklumpukan

Tumindake sekarepe dhewe ngisin-ngisini

—☆ Piwulang luhur/Amanat :

  1. Sanadyan wis tuwa pikun, nanging aja males nggolek ilmu,
  2. Kudu bisa mangerteni rasa supaya wayah kumpul ora ngisin-ngisini,
  3. Ngelmu iku bisa migunani selawase ing urip, mula manungsa kudu golek ilmu kang becik supaya ngerti sakabehe tumindak kang bener ditiru.
  4. Senajan wis tuwa kudu tetep nggunakake ngelmune supaya sing dipelajari ora sia-sia

—☆ Paugeran Pangkur :

  1. Guru gatra : 7 gatra
  2. Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
  3. Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

—☆ Paugeran Macapat :

  1. Guru gatra, yaiku cacahing gatra saben sapada
  2. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda saben sagatra.
  3. Guru lagu, yaiku tibaning swara vokal (a,i,u,e,o) ing pungkasaning gatra.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Isi jinejer ing wedhatama

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 03 Jun 21