1. Sandhangan sing digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diaranI… *5 poinA.

Berikut ini adalah pertanyaan dari tirtacandra085 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

1. Sandhangan sing digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diaranI… *5 poin

A. Sandhangan swara

B. Sandhangan wyanjana

C. Sandhangan panyigeg wanda

D. Sandhangan pangkon

2. Tembung-tembung Ing ngisor iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku... *

5 poin

A. Sambel

B. Tempe

C. Enak

D. Jare

3. Tembung sing panulisane nggunakake cakra keret yaiku… *

5 poin

A. Pramuka

B. Kreteg

C. Krupuk

D. Ambyar


Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Jenise sandhangan kang digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diarani sandhangan panyigeg wanda (Opsi C)

2. Tembung ing soal kang migunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku sambel (Opsi A)

3. Tembung sing panulisane nggunakake cakra keret yaiku kreteg (Opsi B)

Pembahasan:

Aksara Jawa yaiku aksara tradisional Jawa kang cacahe ana 20. Nalika nulis aksara carakan Jawa (Aksara dasar) iku supaya iso muni swara liyane kudune diwenehi sandhangan.

Ing ngisor iki jwnise sandhangan ing aksara Jawa:

>> Sandhangan swara yaiku sandhangan kanggo huruf vokal, sing kelebu sandhangan swara antarane yaiku:

  • Wulu (i) = ꦀ
  • Suku (u) = ꦸ
  • Taling (é) = ꦺ
  • Taling tarung (o) = ꦺ ꦴ
  • Pepet (e) = ꦼ

>> Sandhangan panyigeg wanda yaiku sandhangan kang gunane kanggo ngganteni aksara sigeg (Huruf mati). Ing ngiaor iki aing kelebu sandhangan panyigeg wanda:

  • Layar (r) = ꦂ
  • Wignyan (h) = ꦃ
  • Cecak (ng) = ꦁ

>> Sandhangan wyanjana yaiku sandhangan kang diucapake barengan karo huruf sing diwenehi sandhangan. Ing ngisor iki jenise sandhangan wyanjana:

  • Cakra (ra) = ꦿ
  • Keret (re) = ꦽ
  • Pengkal (ya) = ꦾ

Saliyane sandhangan, aksara Jawa uga dhuweni pasangan, pasangan aksara jawa iku gunane kanggo mateni utawa ngilangi huruf vokal ing akasara carakan Jawa.

Pelajari lebih lanjut >>

=============================================================

Detail Jawaban

Kelas: IV

Mapel: Bahasa Daerah - Bahasa Jawa

Bab: Sandhangan aksara Jawa

Kode soal: 13

 \:

#TingkatkanPrestasimu

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aku8159 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 08 Jun 21