Naskah drama ngisor iki wacanen sing titi kanggo mangsull pitakonan

Berikut ini adalah pertanyaan dari serlya40 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Naskah drama ngisor iki wacanen sing titi kanggo mangsull pitakonan nomer 21 lan 221KUNCI
Taufik, Naufal karo Della lagi jagongan ing sanggar Pramuka. Bocah lelu pancen dadi
anggota Dewan Galang ing sekolahan. Kanggo ngisi wektu kosong bar olah raga bocah-bocah
iku padha jagongan sinambi sinau soal Matematika sing bakal metu ing ujian akhir sekolah.
Dumadakan Ardi teka kanthi praupan sumringah
Ardi : Bro, wis krungu kabar apa durung? Neng kantin rame jarene Dimas duwe kunci
jawaban soal ujian akhir! (ngomong karo bisik-bisik)
Naufal : He... Di tenan ye kabar kuwi, aja-aja mung kunci palsu engko?
Ardi : Nek jarene kanca-kanca 100 persen valid, ujian taun wingi kuncine cocok. Nanging ya
kuwi awake dhewe kudu tuku kuncine. Regane Rp. 500.000
Della : Wah yen pancen valid aku gelem.
Naufal : Ya, aku ya gelem. Fik piye awakmu?
Taufik : Aku...aku isih bingung. (Karo ndhingkluk)
Ardi : Wis ta Fik, ora usah kesuwen mikir, apa kowe ora kepingin nyenengake wong tuwamu
menawa oleh biji apik?
Taufik : Ora ngono. Aku ya mesthi pingin nyenengake wong tuwaku, nanging ora kaya ngono
carane lan maneh dhuwit endi maneh sing bisa kanggo tuku kunci mau?
Della : Sakjane aku ya wedi lho nek cara iki bakal nambah dosane awake dhewe. Nanging, aku
ya pingin oleh biji sing apik.
Taufik : Wis ta, yen awake dhewe pingin nyenengake wong tuwa, kudu nganggo cara sing
bener. Biji apik iku pancen penting, nanging cara sing ditempuh kanggo nggayuh biji
apik mau iku sing luwih penting.
Della : Bener aku sarujuk karo panemune Taufik, jujur tetep nomer siji!
Naufal : Ya aku ya sarujuk.
21.
Ing wacan dhuwur, sing pengin nyenengake wong tuwa kanthi cara kang bener yaiku
A. Ardi
B. Naufal
C. Della
D. Taufik
22. Jinise drama kang memper dhagelan, nanging ora wutuh dhagelan diarani drama
A. Komedi
B. Tragedi
C. Farce
D. Opera
23.
Ukara ing ngisor iki kang klebu jinise ukara wancah (ora wutuh) yaiku ...
A. Piye oleh apa ora kowe melu kemah?
B. Jare Kak Bima, pirang dina ta kemahe?
C. Sugeng enjing, Kak Bima.
D. Ngrembag bab kemah benjing, Kak!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

21. D. Taufik

22.A. Komedi

23.C. Sugeng enjing, Kak Bima.

Penjelasan:

Semoga membantu

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh anisaksholikah05 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 10 Jul 21