cerita wayang arjuna dalam bahasa jawa

Berikut ini adalah pertanyaan dari nanda907 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Cerita wayang arjuna dalam bahasa jawa

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Raden Arjuna (Janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhulan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpacacad. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janakaminangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga(Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa singkepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaningagama kanthi temen.

Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigeling samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani deningsapa bae. Ora mokal yen garwane pirang – pirang. Bojo akeh iki tegeseJanaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake kasudibyane,yen wanita ngondhangake sigiting citra.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lanmantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telungwarna, yaiku : 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakuneArjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuningbarat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. AjiSempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer.

Pusakane pirang – pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni,Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama,Pasopati.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh FrisnaJ18 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 02 Jan 17