Jenise cangkriman miturut wujude iku ana 4 sebutna lan wenehana

Berikut ini adalah pertanyaan dari YonathanTimothy pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Jenise cangkriman miturut wujude iku ana 4 sebutna lan wenehana tuladhane (siji wae)!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

» Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku:

1. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),

Tuladhane :

  1. Burnas Kopen = Bubur panas kokopen.
  2. Pakboletus = Tipak kebo lelene satus.

2. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),

Tuladhane :

  1. Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak
  2. Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan

3. cangkriman sing wujude plesetan, lan

Tuladhane :

  1. Wong wudunen iku sugih pari. Pari apa? Paringisan.
  2. Ana gajah numpak becak, ketok apane? Ketok mbujuke.

4. cangkriman sing sinawung ing tembang.

Tuladhane :

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Yen lumaku si pucung ngumbar swara.

  • Bedhekane: sepur

Penjelasan

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 4 - Cangkriman

Kata Kunci : Jenise Cangkriman

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.4

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 14 Jun 21