gawea teks kalimat pembuka pada sebuah pidato nganggo basa krama

Berikut ini adalah pertanyaan dari firyaljunesaadelia pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Gawea teks kalimat pembuka pada sebuah pidato nganggo basa krama inggil​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Tuladha Purwaka/Pe-mbuka pidhato :

1. Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, para siswa tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karahayon.

2. Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.

Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, jalaran kita tansah pinaringan rahmat, taufik, saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan sehat walafiat lan rahayu wilujeng.

Penjelasan

Pidhato yaiku pakaryan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang katujokake marang wong akeh utawa umum.

>> Perangan sesorah :

  • a. Salam pe-mbuka.

» Ngaturaken salam pakurmatan kanggo sing rawuh.

  • b. Purwaka basa/pa-mbuka.

» Andharan kanggo ngawali tembung, isine babagan atur syukur marang Gusti Ingkang Maha Kuwasa dibacutke atur pakurmatan lan panuwun marang para tamu kang wes padha rawuh.

  • c. Surasa basa/isi.

» Andharan babagan apa sing arep diwedharake ing sesorah (inti sarine).

d Dudutan/kesimpulan.

» Ringkesan/isi penting saka sesorah.

  • e. Pangarep-arep.

» Pangajab utawa kekarepan sing diandharake marang para rawuh.

  • f. Wasana basa/pa-nutup.

» Andharan babagan njaluk pangapura menawa ana kang kurang mranani penggalihe para tamu.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 5 - Sesorah

Kata Kunci : Purwaka sesorah

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 06 Jul 21