buatlah sebuah paragraf tentang upacara siraman dalam bahasa jawa​

Berikut ini adalah pertanyaan dari faysihotang2010 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Buatlah sebuah paragraf tentang upacara siraman dalam bahasa jawa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Siraman iku salah sawijiné rantaman ing upacara pengantènan. Acara siraman iku upacara pralambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki dianakaké sadina sadurungé ijab kabul ing omahé calon mantèn. Padatan mapan ing pérangan omah sing rada kabuka kaya ing plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan lumrahé wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sadulur liyané, lan uga pemaès nganti gunggung pitu.

>> Uba Rampe

Uba rampé sing kudu disiyagakaké antarané:

  • Wadhah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu
  • Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari) sing kajupuk saka 7 sumber
  • Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang kantil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga
  • Wedhak teles limang warna kanggo sabunan
  • Shampo tradhisional saka awu merang
  • Duduh klapa
  • Banyu peresan jeruk
  • Klapa loro sing ditalèni dadi siji
  • Kursi cilik sing dibungkus nganggo klasa amoh
  • Kain putih
  • Godhong dlingo-benglé
  • Kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala
  • Kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu
  • Kain bathik motif grompol lan nagasari
  • Andhuk (handuk)
  • Kendhi
  • Gayung (siwur)

>> Rantaman ing upacara siraman, yaiku :

  1. Masang Bleketepe lan Tuwuhan duwé ancas minangka kanggo ngèyupi papan kanggo mantu.
  2. Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Pengantèn Priya ya iku sawisé toya 7 sumber dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang omahè calon pengantèn priya.
  3. Sungkeman
  4. Donga
  5. Siraman
  6. Pagas Rikma
  7. Dodol Dhawet
  8. Potong Tumpeng Kamulyan
  9. Dulangan
  10. Kembul Bujana Andrawina

>> Sesaji

Sesaji sajeroning acara siraman wujud tumpeng, panganan-panganan adhem, gedhang lan woh-wohan liyané, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulité, gula klapa, lentéra, kembang telon kenanga, mlathi lan kantil, pitung warna bubur, kuwé-kuwé legi, panganan saka beras ketan, lan ingkung.

Upacara adat siraman iki uga bisa tinemu ing rantaman upacara pengantènan adat suku-suku liya ing Nusantara.

Semoga membantu

Jangan lupa Follow

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh amanda25609 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 10 Jun 21