1. Sebutna 5 bae kang kalebu tembang Macapat!Jawab :2. Apa

Berikut ini adalah pertanyaan dari zivillia354 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

1. Sebutna 5 bae kang kalebu tembang Macapat!Jawab :
2. Apa sing dimaksud guru gatra, guru wilangan dan guru lagu!
Jawab :
3. Tembung-tembung ing njero kurung iki benerake!
a. Bu Jumi (tuku) anake sepeda anyar
b. Andi atine seneng amerga (paring) hadiah Pak Guru
c. Supaya ora tiba kudu (cekel) taline sing kenceng
Jawab :
4. Tulisen basa kramane ukara ing ngisor iki!
a. Kang Ali lagi njaluk duwit karo bapake
b. Wong sing gelem maca buku iso dadi pinter pikirane
Jawab :
5. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!
a. Ana kebo mangan suket
b. Ibu lagi tindak menyang pasar
Jawab :​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

1. Sebutna 5 bae kang kalebu tembang Macapat!

Jawab : sinom, pocung, gambuh, kinanthi, dhandhanggula.

2. Apa sing dimaksud guru gatra, guru wilangan dan guru lagu!

Jawab :

> guru gatra yaiku cacahe Gatra saben Sapada.

> guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra

> guru lagu yaiku dhong dhinge swara ing pungkasaning gatra

3. Tembung-tembung ing njero kurung iki benerake!

a. Bu Jumi (tuku) anake sepeda anyar.➡️ Bu jumi nukokake anake sepeda anyar.

b. Andi atine seneng amerga (paring) hadiah Pak Guru.

➡️ Andi atine seneng amerga diparingi hadiah pak guru.

c. Supaya ora tiba kudu (cekel) taline sing kenceng

➡️ supaya ora tiba kudu dicekeli taline sing kenceng.

4. Tulisen basa kramane ukara ing ngisor iki!

a. Kang Ali lagi njaluk duwit karo bapake.

➡️ basa Krama : kang ali saweg Nyuwun yatra kaliyan bapake.

b. Wong sing gelem maca buku iso dadi pinter pikirane

➡️ basa Krama : Tiyang ingkang purun Maos buku saged dados wasis pikirane.

5. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!

a. Ana kebo mangan suket.

➡️ ꦲꦤꦏꦼꦧꦺꦴꦩꦔꦤ꧀ꦱꦸꦏꦼꦠ꧀

b. Ibu lagi tindak menyang pasar

➡️ ꦲꦶꦧꦸꦭꦒꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦼꦚꦁꦥꦱꦂ

Pembahasan

No 1

● Tembang macapat yaiku tembang cilik sing nduweni paugeran kayata guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

⏺️ Tembang macapat cacahe ana 11, yaiku Asmaradana, dhandhanggula, durma, gambuh, kinanthi, maskumambang, megatruh, mijil, Pucung, sinom, Pangkur.

No 2

● Pangerten guru gatra, guru wilangan lan guru lagu :

= guru gatra = cacahe Gatra saben Sapada ( bait )

= guru wilangan = cacahe wanda saben sagatra ( baris )

= guru lagu = dhong dhinge swara ing pungkasaning gatra ( vokal )

No 3

● 3. Tembung-tembung ing njero kurung iki benerake!

a. Bu Jumi (tuku) anake sepeda anyar.

➡️ Bu jumi nukoake anake sepeda anyar.

➡️ Nukoake = tuku + ake

( kalebu tembung tanduk kriya mawa panambang - ake )

b. Andi atine seneng amerga (paring) hadiah Pak Guru.

➡️ Andi atine seneng amergi diparingi hadiah pak guru.

➡️ diparingi = di + paring + i

( kalebu tembung tanggap - i kriya yaiku mawa panambang - i ).

c. Supaya ora tiba kudu (cekel) taline sing kenceng

➡️ supaya ora tiba kudu dicekeli taline sing kenceng.

➡️ dicekeli = di + cekel + i

( kalebu tembung tanggap - i kriya yaiku mawa panambang - i )

No 4

● Basa Krama ana 2 :

= Basa Krama lugu, yaiku basane Krama nanging ora dicampur karo basa Ngoko lan Inggil.

tuladha :

  • Kula mpun nedha sareng bapak
  • sekolahe taksih kendel

= Basa Krama Alus, yaiku basane Krama Alus ora dicampur karo basa Ngoko.

tuladha :

  • Panjenengan dalemipun pundi?
  • asmanipun Panjenengan sinten?

No 5

● a. Ana kebo mangan suket.

➡️ ꦲꦤꦏꦼꦧꦺꦴꦩꦔꦤ꧀ꦱꦸꦏꦼꦠ꧀

  • anak kebo, Aksara Ha, aksara Na, aksara Ka, pasangan aksara Ka, + pepet, aksara Ba + taling tarung
  • mangan suket, aksara Ma, aksara Nga, aksara Na, pasangan aksara Sa + suku, aksara Ka + Pepet, aksara Ta + pangkon.

b. Ibu lagi tindak menyang pasar

➡️ ꦲꦶꦧꦸꦭꦒꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦼꦚꦁꦥꦱꦂ

  • ibu lagi tindak, aksara Ha + wulu, aksara Ba + suku, aksara La, aksara Ga + wulu, aksara Ta + wulu, aksara Na, pasangan aksara Da, aksara Ka
  • menyang pasar, pasangan yang Ma + pepet, aksara Nya + cecak, aksara Pa, aksara Sa + layar.

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 6
  • Materi : Tembang macapat, Tata Tembung, Unggah ungguh basa, Aksara Jawa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 26 Aug 21