8. Saben wong mbutuhake panganan sing ngandut gizi. Pangrimbage tembung

Berikut ini adalah pertanyaan dari Jjeslyn723 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

8. Saben wong mbutuhake panganan sing ngandut gizi. Pangrimbage tembung "mbutuhake" yaiku ..... *5 poin

a. ater-ater m- + utuh + panambang -ake

b. ater-ater m- + butuha + panambang -ke

c. ater-ater m- + butuh + panambang -ake

d. ater-ater n + butuh + panambang -ake

 

Pertanyaan ini wajib diisi

9. Bukune Anis kok ketemu, olehmu ..... (golek) ing ngendi wae? *

5 poin

a. nggoleki

b. nggolekake

c. digoleki

d. golekana

10. Genthengmu ketoke trocoh, ing kene kok katon .....(kepyur). *

5 poin

a. kinepyur

b. kumepyur

c. dikepyuri

d. kepyurana

 

Pertanyaan ini wajib diisi

11. Dhuwit olehe maringi ibu mau ...... (tuku) apa wae? *

5 poin

a. dituku

b. daktuku

c. koktukokake

d. nukokne

12. Kowe mengko yen ..... (paring) dhuwit tampanana ya! *

5 poin

a. maringi

b. nyaringi

c. paring-paring

d. diparingi

13. Ibu nyepakake sarapan kanggo adhik. Tembung linggane "nyepakake" yaiku .... *

5 poin

a. cepak

b. nyepak

c. nyepakake

d. cepakake

14. Supaya sehat aku kudu tansah nggatekake olahraga. Tembung linggane "nggatekake" yaiku ..... *

5 poin

a. nggatek

b. gatek

c. gatelake

d. gematek

15. Dhik Handoko saiki isih nyemir sepatune bapak. Imbuhan utawa wuwuhan sing digunakake jronin

tolong yh kakk


Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

5. Saben wong mbutuhake panganan sing ngandut gizi. Pangrimbage tembung "mbutuhake" yaiku ..... 

➡️ c. ater-ater m- + butuh + panambang -ake.

9. Bukune Anis kok ketemu, olehmu ..... (golek) ing ngendi wae? 

➡️ a. nggoleki.

10. Genthengmu ketoke trocoh, ing kene kok katon .....(kepyur). 

➡️ b. kumepyur.

11. Dhuwit olehe maringi ibu mau ...... (tuku) apa wae? 

➡️ c. koktukokake.

12. Kowe mengko yen ..... (paring) dhuwit tampanana ya! 

➡️ d. diparingi.

13. Ibu nyepakake sarapan kanggo adhik. Tembung linggane "nyepakake" yaiku .... 

➡️ a. cepak.

14. Supaya sehat aku kudu tansah nggatekake olahraga. Tembung linggane "nggatekake" yaiku .....

➡️ b. gatek.

Penjelasan

a. Tembung Lingga

Tembung lingga iku tembung kang durung owah saka asale. Tegese durung owah iku durung diwenehi ater-ater, seselan, panambang, lan pangrangkep.

  • Tuladha : tulis, dolan, jaluk, gambar,btakon, turu, pacul, adus, ukur, padhang, lsp.

b. Tembung Andhahan

Tembung andhahan iku tembung kang wis owah saka asale utawa linggane. Owahe bisa amarga diwenehi ater-ater, seselan, panambang, utawa dirangkep. Tembung lingga kang wis diowahi iku bakal malih dadi tembung andhahan.

  • Tuladha :

1) madhangi = m + pandhang + i

2) pitakon = pi + takon + an

3) dolanan = dolan + an

4) dijaluk = di + jaluk

5) ngadusi = ng + adus + i

6) nggoleki = ng + golek + i

7) tinulis = tulis + in

8) gegambaran = ge + gambar + an

9) macul = m + pacul

10) ngukur = ng + ukur

11) daktandur = dak + tandur (ater-ater tripurusa)

12) ditandur = di + tandur (ater-ater tripurusa)

13) tanduran = tandur + an (panambang)

14) nggatekake = ng + gatek + ake

15) nyekakake = ny + cepak + ake

16) nggoleki = ng + golek + i

17) kumepyur = um + kepyur

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 - Jenising Tembung

Kata Kunci : Tembung lingga, Tembung andhahan, Wuwuhan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 29 Jul 21