Gawe cerita pengalaman nganggo basa Jawa krama ​

Berikut ini adalah pertanyaan dari airaira9910 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Gawe cerita pengalaman nganggo basa Jawa krama ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Dolan Bareng Keluarga Ing Wayah Preinan

Nalika prei sekolah wingi, aku mung nonton TV neng umahku. Suwe-suwe aku krasa bosen. Untung tanggal 28 Desember 2019, esuk-esuk banget bulikku teka ing umahku ing Semarang. Bulik teka sekalian bareng keluargane. Bulik lan keluarga nginep ing umahku sedina sewengi

Aku diajak dolan menyang Pelabuhan. Aku mangkat kira-kira jam telu sore. Bareng-bareng aku dolanan ing pelabuhan rencanane nganti jam lima sore. Nalika mlaku-mlaku nonton kahanan lan eloke pemandangan laut, aku kesasar lan muter-muter. Aku bingung nggoleki sedulur-seludurku kabeh. Amarga kedadean kuwi, aku lan keluarga lagi tekan omah jam enem punjul, kira-kira jam 18.45 nalika langit wes malih dadi peteng. Tekan omah, aku lan sedulur-sedulurku langsung makan malam amarga weteng iku wes krasa ngelih banget

Dina esuke, bulikku arep kondur menyang Purbalingga. Aku diajak melu bali menyang Purbalingga. Cetho wae aku seneng banget, iso dolan kumpul karo sedulur-sedulurku ing Purbalingga.

Ing Purbalingga, aku nginep ing daleme bulikku mung sedina sewengi. Dina sesuke, aku ganti dolan lan nginep ing dalemipun Simbah/Eyang. Aku tekan daleme Eyang wayah esuk kira-kira jam 06.10.

Aku banjur dolan menyang Kolam Renang Mulyani bareng Om lan keluargaku. Tapi Om ora melu njegur nglangi ing kolam. Mung aku wae seng njegur renang lan dolanan banyu. Oya, aku renang kira-kira jam 2 awan nganti jam 3. Sawise renang, aku krasa ngelih banget, mula aku banjur tuku Ayam Krispi sing rasanya enak lan nikmat banget dimaem sawise renang. Sawise maem, aku ora lali nindakake solat asar.

Aku nginep ing daleme Eyang kurang luwih patang dina (4 hari). Jane yo wes rada suwe, tapi kok rasane cepet banget gantine dina. Tandane preinan sekolahku wes meh entek. Aku kudu enggal-enggal balik Semarang amarga sekolahku wes arep mlebu. Aku kudu enggal-enggal siap-siap kanggo sekolah, nggolek ilmu kanggo masa depanku supaya cita-citaku iso terwujud utawa tercapai.

Aku mulih menyang Semarang numpak travel. Aku seneng banget amarga Eyang kersa ngancani aku balik ing Semarang.

Penjelasan:

semoga membantu kak :)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh kherenshela dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 06 Jan 22