harus pakek bahasa Jawa ya kak bukan bahasa Indonesia

Berikut ini adalah pertanyaan dari uutpertiwi03 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Harus pakek bahasa Jawa ya kak bukan bahasa Indonesia yaalasan :
karena hari senin dikumpulkan jadi tolong bantu aku ya kak

dilarang:
no ngasal
no bercanda
no salah
no alasan
harus bener ya kak yang salah gak aku follow​
harus pakek bahasa Jawa ya kak bukan bahasa Indonesia ya alasan :karena hari senin dikumpulkan jadi tolong bantu aku ya kakdilarang:no ngasalno bercandano salahno alasanharus bener ya kak yang salah gak aku follow​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

DUMADINE WADHUK GAJAH MUNGKUR

Dhek jaman kawuri ing tlatah Wonogiri ana sawijining krayon kang dipangrasani dening Gajah Madep. Sang Raja kasebut ambeg wicaksana, adil lan welas asing marang kawule. Kraton kasebut subur makmur, gemah ripah loh jinawi, mula uripe para kawula tansah ayem tentrem, sayuk rukun lan padha dene samad- sinamadan. Nanging sawise sawentara suwe ngasta pinangka pangarsaning praja, Sang Raja Gajah Madep rumangsa sayah jalaran wus sepuh. Panjenengane kepingin lengser keprabon, lan ngersakake Gajah Mega nggenteni jumeneng nata.

Gajah Mega iku sejatine amung putra ponakan saka Sang Raja, nanging merga saking tresnane mula kaanggep kadi dene putrane dhewe. Apa kang dadi paguyuwune Gajah Mega tansah tinurutan dening Sang Raja. Mula ya ora mokal menawa Gajah Mega banjur ugungan, gumedhe malah kepara sawenang- wenang marang sapepadhane titah. Amarga watak kang mangkono iku mau, para punggawa praja akeh kang ora sarujuk menawa Gajah Mega jumeneng nata nggenteni Sang Gajah Madep.

Nuju sawijining Dina Sang Raja Gajah Madep nganakake parepatan agung ing pepadha kraton. Para punggawa praja Kabeh padha rawuh ing parepatan. Wosing pirembugan, Sang Raja Gajah Madep arsa lengser keprabon, lan Gajah Mega kang kinersakake jumeneng nata pinangka gantine. Apa kang dadi kaputusane Sang Raja kasebut nuwuhake pitakon warna- warna tumrap para punggawa praja. Sebab manut pamawasane para punggawa praja, Gajah Mega iku durung cukup dhewasa, durung duwe pengalaman pinangka pangarsane praja, malah kepara ambeg sumangkeyan lan kurang tanggap mara para kawula alit. Mula para punggawa praja akeh kang ora sarujuk karo kersane Sang Raja. Salah sawijining punggawa praja kang ora sarujuk yaiku Sang Patih Gajah Mungkur. Manut pamawase para punggawa praja, kang pantes jumeneng nata pinangka Sang Gajah Madep, ora liya ya mung Patih Gajah Mungkur. Awit Piyambake pancen sawijining patih kang setya marang Sang Raja, ambeg wicaksana lan welas asih mring sasama.

Gajah Mega krungu bab iku mau banjur muntap, rumangsa dispelekake lan ora diajeni. Dheweke banjur nantang Patih Gajah Mungkur adu kasekten. Sang Raja pirsa tabiate ponakane, ora kuwama mambengi mula amung pasrah marang purbane Kang Maha Kuasa. Panantange Gajah Mega kasebut sejatine ora ditanggapi dening Patih Gajah Mungkur. Nanging amarga kadheseg kahanan, wusanane paperangan datan bisa den endhani. Patih Gajah Mungkur lan Gajah Mega perang udereg- udregan, adu kasekten, ngetog kekuwatan. Paperangan gedhe kasebut wekasana dimenangake dening Patih Gajah Mungkur. Nalika Sang Patih bakal merjaya Gajah Mega, sakeplasan nyawang Sang Raja lagi muwun, mula diwurungake niatte anggone merjaya Gajah Mega. Sang Patih Gajah Mungkur banjur sowan menyang ngersane Sang Raja, nyuwun pangapunten lan nyuwun pamit lunga saka kraton kasebut. Gajah Mungkur, Sang Raja Gajah Madep paring tetenger tumrap papan paperangan kang wus kisen banyu iku, sinebut "WADHUK GAJAH MUNGKUR"

Penjelasan:

Cerita legendha ini berasal dari daerah Wonogiri, karena kamu nggak ngasih tahu daerah mana, jadi aku jawab sesuai daerahku. Aku mohon jangan di report karena aku ngetik lama banget hampir setengah jam.

JADIKAN JAWABAN TERCERDAS :)

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh aainunfatimah612 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 14 Jan 22