Tolong artiin ke bahasa jawa latin dan bahasa Indonesia,jawab juga

Berikut ini adalah pertanyaan dari septyadini6 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Tolong artiin ke bahasa jawa latin dan bahasa Indonesia,jawab juga itu pertanyaannya ​
Tolong artiin ke bahasa jawa latin dan bahasa Indonesia,jawab juga itu pertanyaannya ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

(kanggo wangsuli pithakone, mula wacan aksarae tak dadekna siji)

Wacane:

Tanduran Obat Kulawarga

Tanduran obat kulawarga oang kacekak toga iku tanduran asil budidaya omahan sing anduweni kasiyat minongka obat, dene taman obat kulawarga sejatine arupa lemah pekarangan, kebon utawa tegalan sing dianggo nandur lan ambudidaya tanduran sing anduweni kasiyat obat kanggo kebutuhan kulawarga ngenani obat obatan, asiling tanduran obat utawa bahan obat sabanjure bisa di sumrambahake marang masyarakat kang ambutuhake.

Budidaya tanduran obat kulawarga bisa nyengkuyung usaha cilik lan menengah ing babagan obat obatan. Saben kulawarga bisa ambudidaya tanduran obat kanthi mandhiri. Tanduran kang kagolong tanduran obat sing umum ditandur ing masyarakat kayata :suruh, jahe, kunir, temulawak, pace, lan sapanunggalane. Menawa ana ing kutha lan ora duwe pekarangan bisa ditandur ana ing pot pot kang biyasane kanggo nandur kembang

Wangsulan:

  1. irah-irahane = Tanduran Obat Kulawarga
  2. sejatine kang diarani taman obat kaluwarga yaiku = lemah pekarangan, kebon utawa tegalan.
  3. paedahe budidaya tanduran obat yaiku = kanggo kebutuhan kulawarga ngenani obat obatan, asiling tanduran bisa disumrambakake marang masyarakat kang mbutuhake lan uga bisa nyengkuyung usaha cilik lan menengah neng babagan obat obatan.
  4. sing kagolong tanduran obat yaiku = suruh, jahe, kunir, temulawak, pace, lsp.
  5. cara nandur toga neng kutha yaiku = bisa ditandur neng pot pot sing biyasane kanggo nandur kembang.

Penjelasan:

Kanggo wangsuli pitakon kasebut, kita kudu bisa maca utawa ngartekake tulisan aksara Jawane. Aksara Jawa iku cacahe kabeh ana 20 (rong puluh), sing diarani Carakan utawa Dentawyanjana.

Sajrone aksara Jawa uga ana pasangan lan Sandhangan.

Pasangan yaiku simbol kanggo mateni aksara dasar utawa kanggo ngilangna swara neng aksara sing dipasangi.

Wujude

  • ꧀ꦲ ꧈ ꧀ꦤ ꧈ ꧀ꦕ ꧈ ꧀ꦫ ꧈ ꧀ꦏ

ha na ca ra ka

  • ꧀ꦢ ꧈ ꧀ꦠ ꧈ ꧀ꦱ ꧈ ꧀ꦮ ꧈ ꧀ꦭ

da ta sa wa la

  • ꧀ꦥ ꧈ ꧀ꦝ ꧈ ꧀ꦗ ꧈ ꧀ꦪ ꧈ ꧀ꦚ

pa dha ja ya nya

  • ꧀ꦩ ꧈ ꧀ꦒ ꧈ ꧀ꦧ ꧈ ꧀ꦛ ꧈ ꧀ꦔ

ma ga ba tha nga

Sandhangan neng aksara Jawa kagunaane kangho njangkepi utawa ngowahani/menehi wernaning swara neng aksara dasar. Sandhangane kaperang dadi telung werna, yaiku;

  1. Sandhangan Swara
  2. Sandhangan Panyigeg Wanda
  3. Sandhangan Wyanjana

Detail Jawaban:

Mapel : Basa Jawa

Materi : Maca Aksara Jawa

Kelas : 7

Kode : -

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NadiaNadhimHas dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 22 Aug 22