bapak pocung anane ing tanah Kudus pinter nyimpen Toya mangka

Berikut ini adalah pertanyaan dari bhumi11 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Bapak pocung anane ing tanah Kudus pinter nyimpen Toya mangka tumpakaning jalmi gugur mrenjul suku panjang gulu dawapertanyaan:kang dikarepake saka tembang kasebut yaiku

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Batangane/Karepe yaiku Unta.

Penjelasan

  • Cangkriman ing dhuwur kalebu cangkriman tembang.

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan.

Cangkriman sing sinawung ing tembang.

→ Cangkriman sing kudu dibedhek, nanging lewat wujud tembang.

—☆ Tuladhane :

a) Bapak pocung tanpa untu darbe siyung.

Badanira panjang.

Tutukira pan pesagi.

Dina-dina pocung nedha buntutira.

  • Batangane : setut

b) Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,

sabamu ing sendhang,

pencokanmu lambung kering,

prapteng wisma si pocung muntah guwaya

  • Batangane = klenthing/jun

c) Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung

dawa kaya ula

pencokanmu wesi miring

sing disaba si pucung mung turut kutha

  • Batangane : sepur

d) Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Sangkamu ing Plembang

ngon ingone sang Bupati

Yen lumampah si pucung lembehan grana

  • Batangane : gajah

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 4 - Cangkriman

Kata Kunci : Cangkriman tembang batangan unta

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.4

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21