Rengga ngemu teges paes utawa …. *

Berikut ini adalah pertanyaan dari czidane882 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Rengga ngemu teges paes utawa …. *

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

BASA RINENGGA

a. Basa Rinengga

Basa rinengga salah sawijine lelewaning basa ( gaya bahasa ) asil kaprigelan olah basa minangka sarana olah rasa, olah jiwa, lan olah karsa. Lelewaning basa bisa katitik saka pilihan tembung, pangrakite ukara lan wacana, sing tundhone bisa ndadekake tambah endah, nges, lan mentes. Asile bisa wujud crita- crita lisan sing isih lestari ing satengahe masyarakat Jawa lan tinggalan naskah-naskah karya sastra. Teks-teks sastra mau bisa rupa tembang, serat, lan teks-teks gancaran liyane, sing isine andharan ngenani maneka warna ilmu/kawruh.

Basa rinengga iku basa kang direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga bisa ditrapake ana ing maneka warna ragam basa, gumantung karo kaperluane. Lumrahe basa rinengga kuwi sing kerep digunakake ana ing karya sastra, antawacana ing upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak, sanadyan ing pasrawungan saben dina uga kala-kala bisa ditemoni basa rinengga.

Jinise basa Rinengga:

A. Tembung Saroja

Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih kang padha utawa meh padha tegese kang dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane.

Tuladha:

a. Firman duwe watak andhap asor.

b. Dadi pemimpin iku kudu adil wicaksana.

B. Tembung entar / tembung silihan (kiasan)

Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges ora sawantahe (bermakna kiasan)

Tembung entar diperang dadi 4, yaiku:

1. Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa. Tuladhane :

(1) Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake.

(2) Suduk gunting tatu loro, tegese tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan rong warna.

(3) Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

2. Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.

Tuladhane :

(1) Asu belang kalung wang, tegese wong asor nanging sugih bandha donya.

(2) Cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng/mlarat duwe gegayuhan sing mokal kasembadan.

(3) Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.

3. Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane.

Tuladhane :

(1) Ketiban ndaru, tegese beja banget.

(2) Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana sing bisa ngalahake.

(3) Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun.

4. Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.

Tuladhane:

(1) Kebat kliwat, gancang pincang, tegese tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake.

(2) Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane.

(3) adigang-adigung-adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Restuarthanto dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 28 Feb 22