Rasukan adat kanggo putri yaiku ….​

Berikut ini adalah pertanyaan dari mirza5632 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Rasukan adat kanggo putri yaiku ….​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Mangsuli Pitakonan

Rasukan adat kanggo putri yaiku kebaya, kondhe, sanggul/ungkel, stagen/nyamping, jarik/sinjang, wiru jarik, kemben/semekan (dipun ginakaken wonten ing dada), lan canela/selop bludru. (Kangge rasukan adat putri kraton Surakarta)

Penjelasan:

Rasukan adat kangge priyayi putri gaya Surakarta kaperang dados kalih, inggih menika kang kangge krabat kraton kaliyan rakyat biyasa. Rasukan adat kraton ugi kaperang dados kalih, kangge priyayi kakung lan putri.

Jinis rasukan ugi dipun bedakaken miturut acaranipun. Kadosta:

  • Rasukan adat midodarenipengantin kakung inggih menika rasukanJawi Tangkep, dene pengantin putri inggih menika kejawen kanthi warna sawitan.
  • Rasukan adat kangge ijabkangge putri inggih menika rasukankebaya kaliyan kain jarik, dene pengantin kakung awujud basahan.
  • Rasukan adat kangge acara panggihinggih menikabasahan.
  • Rasukan adat sasampunipun adicara panggih inggih menika kanigarankangge priyayiputri, saha kepangerankangge priyakikakung.
  • Rasukan adat biyasa kangge tiyang tani kakung inggih menika clana warni cemeng, klambi lengen panjang, sabuk ageng (timang), iketing sirah, saha kain sarung (nalika ing wayah sonten).
  • Rasukan biyasa kangge tiyang putri inggih menika tapih pinjung, kembem, lan sanggul.

Kalengkapan rasukan adat priyayi putri Kraton Surakarta:

  • kebaya
  • kondhe/gelungan
  • sanggul/ungkel
  • stagen/nyamping
  • jarik/sinjang
  • wiru jarik
  • kemben/semekan (dipun ginakaken wonten ing dada)
  • lan canela/selop bludru.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh anitaretnomulat dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 26 Jul 21