apa bae kang dijaluk resi bisma sadurunge seda???jawab lahh bangg/kakk​

Berikut ini adalah pertanyaan dari rifalien0927 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Apa bae kang dijaluk resi bisma sadurunge seda???
jawab lahh bangg/kakk​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Sakdurunge seda, Resi Bisma njaluk bantal (papan kanggo nyangga awake) saka kumpulane senjata perang, njaluk ngombe saka sisa ombenane jaran, lan njaluk payung agung.

Penjelasan

Pethikan crita "Srikandhi madeg senapati" :

Resi Bisma njaluk bantal marang putu-putune sing padha nyandhing dheweke. Prabu Duryudana kanthi trengginas ngaturake bantal lan guling sing endah. Ananging Resi Bisma ora gelem nampa. Prabu Kresna ngerti ing sasmita, mulane dheweke dhawuh marang Arjuna golek bantal sing digawe saka kumpulane senjata perang. Pancen tenan, nalika bantal diaturake Resi Bisma rumangsa seneng nganggo bantal sing dikarepake. Raden Arjuna dialem dening Resi Bisma. Sabanjure, Resi Bisma njaluk ngombe. Prabu Duryudana ngaturake unjukan kang sarwa seger lan enak. Ananging Resi Bisma ora gelem nampa. Raden Arjuna ngaturake sisane ombenane jaran (komboran) lan ditampa dening Resi Bisma kanthi rasa seneng.

Sing pungkasan Resi Bisma njaluk payung agung. Raden Werkudara ngerti ing sasmita. Dheweke banjur nyabut wit ringin sing gedhe. Para Kurawa ngira yen Raden Werkudara arep ngamuk. Mulane para Kurawa bubar padha mlayu salang tunjang. Resi Bisma ngalem para Pandhawa kang lantip rasa lan pikirane. Sawise kuwi, Resi Bisma pamit marang para Pandhawa klebu Dewi Wara Srikandhi. "Dhuh, putuku Pandhawa, sira pancen pinter nguntapake ingsun menyang swargaloka. Putuku Kresna lan Pandhawa, eyang pamit arep ing Nirwana. Ingsun dedonga Pandhawa menang ing perang Baratayuda," ngendikane Resi Bisma.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 5

Materi : Piwulang 4 - Crita wayang

Kata Kunci : Resi Bisma, njaluk ngombe, bantal, payung agung

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 5.13.4

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 22 Aug 21