Wutah getihku

Berikut ini adalah pertanyaan dari Renata0705 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Wutah getihku. . . .
Aku Lila
Korban jiwa kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili
Netes in Bumi Pertiwi
Label raharjaning negera
. . . . .

1. Isining geguritan ing dhuwur yaiku . . .

A. Korban jiwa raga kanggo Bumiku
B. Korban jiwa raga kanggo raharjaning negara
C. Korban jiwa raga nganti getihe mblabar mili
D. Korban jiwa raga nganti awak ajur dadi sawur

2. Tembung raharja ana ing geguritan ing dhuwur tegese . . .

A. kamulyan
B. kekuwatan
C. kesengsaran
D. kamardikan

Bapak Pucung rupane saengga gunung
tang ana kang tresna
saben uwong mesthi sengit
yen kanggonan dan lus-elus tinangisan

3. Batangane tembang pocung iki yaiku . . . .
A. wudun
B. gunung
C. sepur
D. nangis

4. Mendhung . . . pratandha yen arep udan gedhe.
Tembung Kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku . . .

A. mbroyot
B. gumandhul
C. gemulung
D. lelimangan

1. Manggone ana ing Bale Desa
2. Lakone bengi iku "Babad Alas Wanamarta "
3. Malam minggu langite sumilak katon resik
4. Bima dan Budiman padha arep nonton wayang kulit

5. Ukara-ukara ing dhuwur supaya dadi paragraf sing runtut urutane sing bener yaiku. . .

A. 3-1-2-4
B. 3-4-1-2
C. 3-1-4-2
D. 3-2-1-4

6. Tuti bijine lumayan apik
Tuti durung dadi juara

Tembung pangiket kang trep kanggo nggandheng ukara ing dhuwur yaiku . . .
A. lan
B. supaya
C. nanging
D. amarga

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Isining geguritan ing dhuwur yaiku . . .

➡️ B. Korban jiwa raga kanggo raharjaning negara.

2. Tembung raharja ana ing geguritan ing dhuwur tegese . . .

➡️ D. Kamardikan.

3. Batangane tembang pocung iki yaiku . . .

➡️ A. Wudun.

4. Mendhung . . . pratandha yen arep udan gedhe.

Tembung Kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku . . .

➡️ C. Gemulung.

5. Ukara-ukara ing dhuwur supaya dadi paragraf sing runtut urutane sing bener yaiku. . .

➡️ B. 3-4-1-2.

6. Tembung pangiket kang trep kanggo nggandheng ukara ing dhuwur yaiku . . .

➡️ C. Nanging.

Penjelasan

1. Geguritan ing dhuwur nyritakake pangorbanan marang negarane, direwangi nganti awak ajur sawur lan getih mili.

  • Dadi, wangsulan kang coock yaiku B, amarga korban jiwa raga kanggo negarane.

2. Raharja tegese slamet, tentrem, sejahtera.

  • Raharjaning negara ing geguritan Wutah Getihku nduweni teges yen arep njaga lan mertahanke kamardikan kanggo negarane.

3. ☞ Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan.

Cangkriman sing sinawung ing tembang.

→ Cangkriman sing kudu dibedhek, nanging lewat wujud tembang.

—☆ Tuladhane :

Bapak Pucung rupane saengga gunung

tan ana kang tresna

saben uwong mesthi sengit

yen kanggonan dan lus-elus tinangisan

  • Artinya :

Bapak Pucung bentuknya seperti gunung

tidak ada manusia yang suka

setiap orang pasti sakit

jika ada dielus-elus ditangisi

  • Batangane → wudun

4. Mendhung gemulung tegese mendhung sing nandhakake arep udan gedhe amarga mendhung iki dibarengi karo bledhek kang nyamber-nyamber lan cuacane wis peteng ndhedhet.

5. Supaya dadi paragraf kang runtut, diurutake kaya mangkene :

  1. 3. Malam minggu langite sumilak katon resik
  2. 4. Bima dan Budiman padha arep nonton wayang kulit
  3. 1. Manggone ana ing Bale Desa
  4. 2. Lakone bengi iku "Babad Alas Wanamarta"

6. Tembung Panggandheng yaiku tembung jawa sing dianggo nggandheng tembung.

» Tuladha Tembung Panggandheng sing mratelake teges beda.

  • Wahyu kuwi ora pinter nanging dheweke rada kemaki.
  • Tuti bijine lumayan apik nanging durung bisa juara.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Cangkriman, Geguritan, Wutah Getih, Tembung Panggandheng, Raharja tegese, isine Geguritan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21