ukara kanggo mungkasi sesorah diarani

Berikut ini adalah pertanyaan dari dapipad1828 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Ukara kanggo mungkasi sesorah diarani

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Ukara kanggo mungkasi sesorah diarani. . .

➡️ diarani Salam Panutup (Matur nuwun utawa Wassalamu'alaikum wr.wb)

Penjelasan

Pidhato/Sesorah yaiku pakaryan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang katujokake marang wong akeh utawa umum.

>> Urut-urutane sesorah :

1. Salam Pa-mbuka

  1. » Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.

2. Purwaka basa/Pa-mbuka

  • » Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.

3. Isi/wigatining sesorah

  • » Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah.
  • Tuladha : adicara pepisahan siswa kelas 6 ing acara perpisahan, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial

4. Pangarep-arep

  • » Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan.
  • Tuladha : sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lancar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun rumah tangga, ceramah apa kang diandharake/diterangke migunani marang para tamu/rawuh

5. Panutup

» Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk.

  • Sesorah dipungkasi/ditutup kanthi salam panutup utawa nuwun/matur nuwun. ✔️

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 5 - Sesorah

Kata Kunci : Ukara pungkasan Sesorah

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 06 Jul 21