Buatlah teks deskripsi peristiwa budaya dalam bahasa jawa Minimal 5

Berikut ini adalah pertanyaan dari Beanz7 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Buatlah teks deskripsi peristiwa budaya dalam bahasa jawa
Minimal 5 Paragraf

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Penjelasan:

Sekaten

     Sekaten inggih menika upacara pengetan Maulid Nabi ingkang kaleksanan pitung dinten, awit surya kaping 5 wulan Mulud ngantos dumugi 12 Mulud. Prosesi ingkang sepisanan inggih menika mboyong 2 gamelan pusaka saking kraton dhateng Masjid Agung Solo. Kekalih gamelan kalawau nggadhahi asma piyambak-piyambak. Ingkang sepisan inggih menika gamelan Kyai Guntur Madu, ingkang dipunpanggenaken wonten sisih kidul Masjid Agung Solo. Dene ingkang satunggalipun, inggih menika gamelan Kyai Guntur Sari ingkang dipunpanggenaken wonten sisih ler. Gamelan menika dipuntabuh gantosan awit enjang ngantos dumugi tengah dalu. Para abdi dalem ingkang putri sami ndhahar kinang ingkang dipunwadhahi conthong. Jajanan khas Sekaten inggih menika cabuk rambak, wedang rondhe, ndhog asin, lan sekul liwet.

     Sasampunipun pengetan Sekaten kaleksanan pitung dinten, ing surya kaping 12 Mulud dipunwontenaken adicara Grebeg Mulud. Wonten mrika wonten upacara slametan lan arak-arakan gunungan saking kraton dumugi Masjid Agung. Gunungan menika karonce dening kacang-kacangan, woh-wohan, sayuran, lan sanes-sanesipun. Nalikanipun gunungan sampun dumugi Masjid Agung, gunungan menika dados rebutan sedaya masyarakat ingkang mirsani adicara menika. Pangajabipun mugi angsal berkah lan rejeki ingkang lancar. Adicara Sekatenan menika dipunpungkasi mangsulaken gamelan pusaka dhateng Kraton.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh ilham868657 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 30 Jun 21