Buatlah naskah pidato bertema "perpisahan" menggunakan bahasa krama alus​

Berikut ini adalah pertanyaan dari Fidayatul64 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Buatlah naskah pidato bertema "perpisahan" menggunakan bahasa krama alus

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Assalamualaikum Wr. Wb.

Sugeng enjang

Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo ucap syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, saenggo kita sedaya diparingi kesehatan lan saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula, wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru. Matur nuwun Bapak/ Ibu guru, anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula lan rencang-rencang ngangsu kawruh wonten sekolah niki.

Kula lan rencang-rencang naming saged memuji lan donga. Mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah SWT, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi lulus kanthi biji ingkang sae-sae.

Mboten kesupen, kula lan rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten, awit kula lan rencang-rencang asring ndamel Bapak Ibu susah lan kaciwa, awit saking atur saha solah bawa kula lan rencang-rencang ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah SWT, Amin..

Cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Penjelasan:

PERLU DIKETAHUI

Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana tegese njelentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung tenbung kang diucapake marang wong akeh

Semoga membantu

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh angguncitra074 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 28 Jun 22