Wacanen teks pacelathon iki kanthi patitis, kanggo mangsuli soal nomer

Berikut ini adalah pertanyaan dari sriiwahyuningsih2020 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Wacanen teks pacelathon iki kanthi patitis, kanggo mangsuli soal nomer 28-331Toni, Didik, lan Bayu lagi mlaku nuju kelase rembugan tugas saka pak Budi
Toni "Dik, kowe wis oleh naskahe geguritan?"
Didik "Wis, nanging cocok karo tema sing didhawuhake Pak Guru apa ora, ya embuh!"
Bayu "Olehmu nemu ana ngendi, Dik?"
Didik "Majalah. Bapakku langganan majalah kuwi wiwit aku isih cilik nganti saiki. Ndilalah
ing rubrik geguritan ana judul sing cocok karo tema Kerja keras"
Toni "Langganan? Wah sip, aku bisa nyilih. Ya wis mengko ben diwaos Pak Guru wae.
Bayu kowe ora lali nggawa geguritane wingi kae to?"
Bayu "Ora ora, aja sumelang. Wingi sadurunge kowe mulih saka omahku, naskahe langsung
taklebokke tas, ben ra lali."
28. "Ora ora, aja sumelang. Wingi sadurunge kowe mulih saka omahku, naskahe langsung
taklebokke tas, ben ra lali."
Tembung sumelang mawa teges
A kuwatir
C. lali
B. sulaya
D. cidro​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Tembung sumelang mawa teges. . .

➡️ A. Kuwatir.

Penjelasan

  1. Sumelang tegese bingung, kuwatir.
  2. Sulaya tegese padudon, gelut.
  3. Cidro tegese kuciwa, sedhih.

Ing pacelathon ing dhuwur, Toni arep nyilih naskah geguritan marang Bayu. Banjur, sesuke Toni nakokake marang Bayu, majalah geguritan digawa apa ora. Bayu mangsuli, ngomong marang Toni supaya ora sumelang, dheweke ora lali amarga majalahe wis dilebokne dhisik sadurunge Toni mulih saka omahe ben ora lali.

_________________

Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia. Pacelathon tegese rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawijining bab.

Titikan/Ciri-ciri teks pacelathon :

1) katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)

2) nggunakake ukara kandha

3) isine pangajak lan panerang

4) cacahing paraga loro utawa luwih

5) nggunakake ukara cekak aos

6) perangan ing sisih kiwa isine jeneng/wong kang lagi omongan

7) perangan ing sisih tengen isine omongane sing diandharake

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Pacelathon, sumelang tegese, Toni, Didik, Bayu.

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 04 Aug 21