golekno tembung linggane1. bocah lanang kae rada kementus:2.tangan tengen tumumpang

Berikut ini adalah pertanyaan dari juliawidodo pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Dasar

Golekno tembung linggane1. bocah lanang kae rada kementus:

2.tangan tengen tumumpang ing dhengkul:

3.pitik pitik lumebu ing kandhang:

4.lampu lampu gumantung ing pengeret:

5.tasmu sumeleh ing dhuwur meja:

6.sing liwat iku sinapa ora noleh:

7.wit krambil iku mati sinamber bledheg:

8.mugi mugi kowe tansah ginanjar slamet:

9.kang cinarita ing negara maespati:

10.manten putri binoyong menyang daleme manten kakung:



Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Goleki tembung lingga :

  1. Kentus.
  2. Tumpang.
  3. Lebu.
  4. Gantung.
  5. Seleh.
  6. Sapa.
  7. Samber.
  8. Ganjar.
  9. Carita.
  10. Boyong.

Penjelasan

a. Tembung Lingga

Tembung lingga iku tembung kang durung owah saka asale. Tegese durung owah iku durung diwenehi ater-ater, seselan, panambang, lan pangrangkep.

  • Tuladha : tulis, dolan, jaluk, gambar,btakon, turu, pacul, adus, ukur, padhang, lsp.

b. Tembung Andhahan

Tembung andhahan iku tembung kang wis owah saka asale utawa linggane. Owahe bisa amarga diwenehi ater-ater, seselan, panambang, utawa dirangkep. Tembung lingga kang wis diowahi iku bakal malih dadi tembung andhahan.

  • Tembung andhahan ing dhuwur nggunakake Seselan.

Seselan yaiku wuwuhan sing manggon ana ing tengahe tembung. (in, um, er, el)

Tuladha :

  1. Kumentus → um + kentus.
  2. Tumumpang → um + tumpang.
  3. Lumebu → um + lebu.
  4. Gumantung → um + gantung.
  5. Sumeleh → um + seleh.
  6. Sinapa → in + sapa.
  7. Sinamber → in + samber.
  8. Ginanjar → in + ganjar.
  9. Cinarita → in + carita.
  10. Binoyong → in + boyong.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 - Jenising Tembung

Kata Kunci : Tembung lingga, Tembung andhahan, seselan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 29 Jul 21